Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11–12 dari 234
70–71 dari 1.487
695–704 dari 14.865
011.205 tan warnanên laminirèng margi | sigra prapta ing wana Bintara | tumama sirèng wismane | ri sampunnya puniku | dadi gêmah kadya nagari | dhingin sabda pandhita | kaping kalih ratu | punika kang linampahan | de Bupati ing Bintara uwus lami | tansah brăngta ing suksma ||
12. Asmaradana
12. Jaka Tarub
012.001 sigêgên lingirèng nguni | wasita lèn dyan kocapa | prajèng Kudus winiraos | Ki Gêdhe ring Kudus ika | têtiga atmajanya | samya jalu bagus-bagus | lyan ibu ri kang taruna ||
012.002 tunggil ibunya kêkalih | ri kang atuwa punika | wus samya akrama karo | atmaja graha taruna | satunggil dèrèng krama | samana pan maksih [2: 49] timur | wus lama pan adiwasa ||
012.003 tansah ingatag akrami | dening yayah sru lênggana | apan dahat pamopone | raosing tyas dahat mudha | ywan amawia graha | bwat rêncanèng ing tyasnya gung | mangkana panguningèng tyas ||
012.004 pan maksih kèh tyas kaèsthi | kautamaning sujanma | rumaos dèrèng tuk raos | marmanya dahat lênggana | kinèn krama ing yayah | nanging Ki Gêdhe ing Kudus | mojar sangêt mardyèng suta ||
012.005 lah kramaa sira kaki | aywa wèt kita alămba | akarya ucap ing akèh | yèn kita tan akramaa | lah kita pilih ana | atmajanya wong sa-Kudus | miwah lyan ing Kudus ika ||
012.006 măncapat măncanagari | sutanya kita piliha | sok kita sênênga bae | iyèngsun kang lumaksana | yèn kita kayunana | ri kang suta dahat nuhun | suka yèn karuntikana ||
012.007 ring mangke ulun puniki | dèrèng mantrèng nêdya ring dyah | pan wus kaulatan kabèh | dèrèng wontên dyah kadriya | yèn sêmbada paduka | ulun mangke nuhun bêndu | sampun age kramakêna ||
012.008 rika yayah têmah runtik | mirsa saaturing suta | de tan pinituhu linge | saksana tinundhung sira | nguni ri kang atmaja | ki gêdhe lingnya sru bêndu | amrih kèdhêp ri kang warah ||
012.009 dadya anggraitèng ati | Ki Jaka dènya dinukan | saya sru rudatin tyase | saking jrih dukaning yayah | dadya anilib tingal | musna [2: 50] rikalaning dalu | tan ana ri kang wong wruha ||
70–71 dari 1.487