Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
111 dari 234
618–619 dari 1.487
6.175–6.184 dari 14.865
111.004 ya ta wau sagung pra dipati | samya gunêm kawatiring praja | dening wadya ing Bagêlèn | pra mantri maksih kumpul | apan wontên Pangran Dipati | Pugêr pan maksih wêtah | wus dadya kang rêmbug | marmanipun sapunika | yèn maksiha pangran sinunggwèng pra mantri | manawa bokmanawa ||
111.005 kêna bineka marang ing dasih | dadya katur gunêm pra niyaka | sang prabu pangandikane | ya bênêr pikir iku | marmanira yayi mas dhingin | lama tan arsa seba | marang jênêng ingsun | iya pambangusing bala | sri narendra kang rayi wus dèn timbali | Dipati Pugêr prapta ||
111.006 sri naranata ngandika aris [13: 79] | hèh yayi mas dèn kaparêng ngarsa | marma ngong sèngi marangke | pan ingsun arsa wêruh | ing wongira kang lami-lami | myang wong kita kang anyar | ingong arsa dulu | Dipati Pugêr tur sêmbah | pan sadaya kang abdi wus dèn timbali | tumamèng ngarsa nata ||
111.007 kawan dasa tri kang para mantri | samya tarunatur pelag-pelag | sang prabu pangandikane | maring kang rayi wau | apa iku wongira lami | sun dulu pelag-pelag | kabèh warnanipun | pantêse padha digdaya | pangran adipati ing Pugêr turnyaris | têtiyang amba lama ||
111.008 sri narendra angandika aris | yèn ajaa dhimas wonge lawas | yêkti sun pilara kabèh | yèku kang adu-adu | lamun iku wongira lami | sayêkti sun apura | ing kadudonipun | Dipati Pugêr tur sêmbah | pan sumăngga ing karsa paduka aji | kawula tan suwala ||
111.009 ingkang raka angandika malih | ing Bagêlèn awite pêpêcah | sun èkêt sun lawe-lawe | mundur mring punggawagung | kabèh padha duwea yayi | kang rayi tur pranata | sumanggèng rèh prabu | sasampunira mangkana | ênêngêna wau ta Sri Narapati | Mangkurat Kartasura [14: 3] ||[1]
83. Ki Agêng Wanakusuma, têdhakipun Ki Agêng Giring badhe ngrêbahakên kraton Kartasura
111.010 nênggih wontên winursita malih | ing wanasunya wontên sujanma | adi sru kasutapane | ing kawijilanipun | têdhakira Ki Agêng Giring | lagya têdhak kaping pat | prênah canggahipun | lan Kyai Giring punika | kacarita Kya Giring trah Maospait | milagung mangun tapa ||[2]
111.011 tanahipun padhêkahan Giring | nênggih ing Ardikidul punika | mila ing mangkya têdhake | tumurun saking gunung | mangun tapa ing wana radin | nênggih kang darbe wana | caritaning dangu | tumut bumi ing Darana | myang ing Sima punika kang dèn babadi | kinarya padhêkahan ||
111.012 wusing dadya dhukuh dèn wastani | nênggih ing dhêkah Wanakusuma | sinambadan pangraose | dening panjênêngipun | angraos yèn kusuma yêkti | mila ngaran mangkana | dening wana agung | binabadan ing kusuma | dadya dhêkah jênêngira wus nêtêpi | Kyagêng Wanakusuma ||
111.013 mila tumurun tilar ing Giring | adhêdhêkah ing Wanakusuma | Ki Agêng wau sêdyane | gantya warising ratu | angèstokkên ingkang wêwêling | wirayat kina-kina | pitutur nglêluhur | duk Kyagêng Giring jênêngnya | awirayat pitutur kang wingking-wingking | myang anak putunira ||
618–619 dari 1.487

 


1 § Lajêng nyandhak jilid: 14. (kembali)
2 Titik awal: Babad Tanah Jawi, Jilid 14 (Serie No. 1289m). Batawi Sèntrêm: Balê Pustaka, 1940, 79 hlm. Judul jilid: Ki Agêng Wanakusuma ngraman. Untung Surapati mêngsah Kumpêni. (kembali)