Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
112 dari 234
632–633 dari 1.487
6.317–6.326 dari 14.865
112.115 Ki Tumênggung Singabarong tan darana | sigra mangsah tumuli | lawan kang santana | aran Nyoman Luyangan | rahadyan dipun kalihi | Nyoman Luyangan | sigra amarjayaglis ||
112.116 lambung kiwa wau ingkang kaprajaya | niba nulya ngêmasi | wadya alit bubar | sasisane kang pêjah | wontên abdining narpati | Ki Nayatruna | anênggih kang wêwangi ||
112.117 kacarita juru kêbone sang nata | amit mring sri bupati | kêdah milya aprang | marmanya amit pêjah | ing palagan sampun prapti | praptèng payudan | datan tumut ajurit ||
112.118 Kyai Nayatruna ampingan sasaka | awas dènnya ningali | yèn mêngsah pralena | dening Nyoman Luyangan | wangkenya kari [14: 23: ka...ri] nèng wuri | Nyoman Luyangan | lajêng ngamuk mring ngarsi ||
112.119 wangkenipun Jalalana gilang-gilang | Ki Nayatruna aglis | anigas mastaka | binêkta mundur sigra | Pangeran Pugêr winarni | ngawe ing wadya | Kartasura siraglis ||
112.120 anggarjita punggawa ing Kartasura | miwah kang para mantri | anandêr sadaya | samya angêmbat watang | samya ngungsir mungsuh aglis | kang kawarnaa | wontên abdi narpati ||
112.121 namanira wau Ki Suramanggala | duk palayune nguni | saking Banyudana | sapraptaning sagaran | samana èngêt tyasnèki | yèn abdi nata | ya ta micarèng ati ||
112.122 lamun ingsun iki bacuta lumaywa | sapa baya kang sudi | angawulakêna | ing anak putuningwang | samana sira gya bali | lan sasanaknya | wong rolas rowangnèki ||
112.123 pan wong rolas punika tan ana liya | pan kadange pribadi | wus samnya bêk pêjah | angamuk saking wuntat | wus datan angetung urip | angamuk rampak | wau kang dèn amuki ||
112.124 mêngsah ingkang anjog galedhegan kulwan | ing ngarsa kang nanggoni | Dyan Anrangkusuma | wingking Suramanggala | mawur sasisaning mati | gêmpang suh sirna | siji tan ana kari ||
632–633 dari 1.487