Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
112 dari 234
623–624 dari 1.487
6.222–6.231 dari 14.865
112.020 Ki Tumênggung Singabarong ingaranan | lêlurahing wong Bali | aglar ngarsa nata | samya dhêng bolang-bolang | abajo sangkêlat kuning | sondhèr rangrangan | asikêp waos jinggring ||
112.021 kawarnaa sira Dipati Urawan | kang mêthuk ing ajurit | ing Kêmadhuh prapta | wênèh ing Banyudana | gyanira atata baris | Wanakusuma | mangkat sing unggyannèki ||
112.022 munggèng joli Kya Agêng Wanakusuma | pan sampun kaki-kaki | sutanirèng arsa | ingkang rinaja-raja | Radèn Jayalalanèki | Jayaparusa | samya munggèng turanggi ||
112.023 apêpaès kang wadana cinarêman | wau rahadèn kalih | lawan êmbanira | Kartigarun pinrada | saengga binayangkari | ngayap ing wadya | sri sinongsongan kuning ||
112.024 katur marang Rahadèn Jayalalana | yèn ingkang mêthuk jurit | Dipati Urawan | kêrig wong Kartasura | kalawan wadyèng pasisir | măncanagara | saha wadya Kumpêni ||
112.025 anèng Ngasêm barise bala Walănda | Kêmadhuh wong pasisir | myang wong Kartasura | wênèh nèng Banyudana | Wanakusuma ngubêngi | mring wadyanira | saha andonga sathit ||
112.026 donga basmah caracah bala sanambang | miwah kang sèpi angin | sarwi nabuh kêndhang | gumêrah [14: 11: gu...mêrah] swaraning kang | wadya prasamya adhikir | Dyan Jayalana | ngatag ing wadya aglis ||
112.027 mara payo têka sira tarajanga | baris ing Kartawani | sigra samya mangsah | wadya kang ngagêm sulak | sumahab nêmpuh ing jurit | samyalok sulak | sulak kang mungsuh wingwrin ||
112.028 saha riris sarênge panêmpuhira | sang arsa madêg aji | wong Wanakusuma | tan ana kang tinaha | dènirarsa ngantêp jurit | ing lampahira | tan kèndêl dènnya dhikir ||
112.029 samya kêkês bala Kartasura rumab | wau Ki Adipati | Urawan têngara | wong Kartasura mangsah | sumahab anêmpuh jurit | campuh ing yuda | bêdhil tan ana muni ||
623–624 dari 1.487