Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
112 dari 234
621–622 dari 1.487
6.204–6.213 dari 14.865
112.002 Kartigarun sigra dènira umêsat | saking ngarsaning gusti | marang padhusunan | ngubalkên kasantikan | wong desa prasamya wingwrin | kapencut miyat | lan samya sinung warti ||
112.003 yèn gustine mangkya sampun katurunan | ing laelatul kadri | nurbuwat karatwan | amêngku tanah Jawa | wong [14: 8] desa sapayun dadi | prayayi benjang | anuta gusti mami ||
112.004 bêkêl panalawe mêsthi yèn binawat | panajung dadi mantri | panèkêt kinarya | wadana iku benjang | wong desa prasamya melik | kêna ing kêmat | ing pangabarannèki ||
112.005 asamakta sagunging bêbêkêl desa | ngumpul ngadêgkên baris | mring Wanakusuma | karya rakiting pura | taratag rambat ing ngarsi | wadya kang seba | sèwu yèn winatawis ||
112.006 turut wana sampun sumuyud sadaya | miwah sawetan ngardi | Mêrapi sadaya | Marbabu saurutnya | mring Wanakusuma kêrig | dyan kawuwusa | sang arsa madêg aji ||
112.007 Radèn Jayalalana Jayaparusa | apan ing sabên enjing | amêpak kang wadya | ngubalkên pangabaran | kapencut wadya umaksi | nèng luhur kuda | lawung sapta tininggil ||
112.008 mêsat marang gêgana sarêng praptanya | angrubung sang apêkik | ginêtak umêsat | pan kinarya kasukan | kalamun ambêdhol dami | nulya sinêbar | pan dadya watang jinggring ||
112.009 yèn ginêtak dami katingal manungsa | wau rahadèn kalih | umarêk ing rama | arsa ngrabasèng pura | kang rama ngandika aris | hèh sutaningwang | iya karsanirèki ||
112.010 anging ingsun iya măngsa mitayakna | karyakna jolèn mami | kêkajang kewala | sun anèng kono ika | sukèng tyas tanaya kalih | wus karsaning Hyang | ginubêl anuruti ||
112.011 nanging saking kawratan trêsnèng sêsuta | gingsir ing lampahnèki [14: 9: la...mpahnèki] | ngêmping kasutapan | sampunnya asiyaga | sakapraboning ajurit | Ki Gêdhe sigra | ngubêngi marang dasih ||
621–622 dari 1.487