Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
113 dari 234
635–636 dari 1.487
6.345–6.354 dari 14.865
84. Untung dipun pêndhêt anak dhatêng Kapitan Mur
113.008 nênggih wontên winursita malih | Kapitan Êmur ing Batawiyah | adarbe têtukon rare | lagya mur pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | pêkik ing warnanira | sira Kapitan Mur | salaminira atumbas | rare ika Kapitan Untunge prapti | dagang myang lungguhira ||
113.009 minggah mayor nulya komasaris [14: 27: ko...masaris] | tan alami minggah idlèr rolas | padagange kèh untunge | dadya sugih kalangkung | angluwihi sasaminèki | Idlèr Mur duk samana | rumaos ing kalbu | yèn rare kang mawa bêgja | wus ingambil anak sinungan wêwangi | Ki Untung namanira ||
113.010 pan ingugung sapolahirèki | ya ta wusnya ing alama-lama | diwasa wus kèh ngumure | mêpêg birainipun | ya ta Idlir Êmur winarni | darbe atmaja nyonyah | luwih saking ayu | sêdhêng birai ing priya | sinadulurakên lan Ki Untung nênggih | tan pisah sanalika ||
113.011 nanging nyonyah rêmêne tan sipi | mring sira Untung alama-lama | dadya sami biraine | akirda têmahipun | lan Ki Untung pasungsung gili | barang kang jinaluka | Untung nyonyah asung | nanging Ki Untung samana | datan arsa simpêna donyanirèki | mung karsa pasanakan ||
113.012 apan samya budhaking Kumpêni | dèn prasanak anggung winewehan | apa barang sasukane | donyanira Idlèr Mur | ingulêran raina wêngi | anging datan kinarya | kasugihanipun | mung kinarya wèwèh ika | mring prasanakanira kang dèn tuwuki | lumintu salaminya ||
113.013 budhak Kumpêni samya wong Bali | wênèh Bugis ingkang pinèt sanak | kathahe prasanakane | watara wolung puluh | pan sadaya budhak Kumpêni | prasamya kapotangan | wênèh ana muwus | apa ingkang sun walêsna | mring Si Untung manawa manggiha kardi | sun walês lara pêjah [14: 28] ||
113.014 Idlèr Êmur mangkana winarni | wruh lamun donyanirakèh ilang | lami dhêngêr yèn anake | kirda lawan Si Untung | angulêri donyanirèki | pan anakira nyonyah | kêcil solahipun | kawêdhar tan mawi sandya | gya cinêkêl Ki Untung dèn jamalani | ngrotan satêngah pêjah ||
113.015 datan arsa suwalèng ing kapti | asambat mentak ampun kewala | Idlèr Mur angrês manahe | pan ingapura sampun | sawusira alami-lami | tan mari solahira | nyonyah lan Ki Untung | duk samana kawênangan | mring Dêlèr Mur dènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan ||
113.016 gya cinêkêl mring Dêlèr Mur aglis | liwat gusar Ki Untung samana | tinaruk bêlokan gêdhe | nyonyah sigra sinapu | ya ta wau ingkang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | dahat kawlasayun | pan akathah rowangira | wong dêdosan sawidak yèn winatawis | sawusnya lama-lama ||
113.017 Ki Untung ika angucap aris | mring rowange kang anèng bêlokan | sanak-sanakingsun kabèh | paran ta dayanipun | nora nana kang duwe budi | rèhning padha lalaran | rowangnya sumaur | hèh Untung kamangkarannya | duwe polah dene ta bêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan ||
635–636 dari 1.487