Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
113 dari 234
636–637 dari 1.487
6.354–6.363 dari 14.865
| 113.017 | Ki Untung ika angucap aris | mring rowange kang anèng bêlokan | sanak-sanakingsun kabèh | paran ta dayanipun | nora nana kang duwe budi | rèhning padha lalaran | rowangnya sumaur | hèh Untung kamangkarannya | duwe polah dene ta bêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan || |
| 113.018 | tur kinunci jinagèng Kumpêni | paran baya ênggone apolah | Ki Untung alon wuwuse | manawana pitulung | ing Hyang Suksma marang ing dasih | pan kuwating kawula | saking Hyang kang Agung [14: 29] | rowangnya malih angucap | sira iki Untung kaliwat kumaki | ngong iki wong wis tuwa || |
| 113.019 | nèng bêlokan wus tri madya sasi | lawan ingsun nora mangan-mangan | sumandene-sumandene | tan bisa budi ingsun | sira bocah pêksa gunadi | pae Bathara Krêsna | tiwikrama tuhu | ing ajur ajèr tan kewran | kaya sira paksa nguwani blok wêsi | tuhu ywan rare nakal || |
| 113.020 | sira Untung mèsêm anauri | ingsun nora rêmbugan lan sira | pikir lan wong akèh kiye | sasukanira iku | sira dhewe sun tan udani | Ki Untung gyalon mojar | mring wong akèh wau | hèh sanak-sanak manira | yèn anaa iya kang bisa nguculi | paran karêpe samya || |
| 113.021 | wong akathah samya anauri | yèn ucula Untung saking sira | sanak-sanakira kabèh | apa sukanirèku | nadyan silih tumbuk nèng wêsi | alah matyèng bêlokan | Ki Untung gumuyu | sarwi ngunus sikilira | sampun ucul saking babêlokan wêsi | cingak wong-wong amulat || |
| 113.022 | tatarungkon wong sawidak nuli | inguculan wus ucul sadaya | amung wong siji kang maksèh | kang nyênyampahi wau | ya ta sagung kang ucul sami | sarêng dènira ngucap | mring sira Ki Untung | lah Untung paran karsanya | dening uwis padha ucul sing sirèki | mangkya apa rèhira || |
| 113.023 | Ki Untung alon dènnya nauri | ingsun arsa ngamuk ing Walănda | paran karêpira kabèh | sadaya gya [14: 30] sumaur | nadyan silih amuk nèng loji | kabèh danata[1] suminggah |[2] ing karsanirèku | mung upayakna dandanan | lan malihe golèkna sêsarap dhingin | dimène padha kuwat || |
| 113.024 | Ki Untung mèsêm amuwus aris | yèn mangkono wis padha mênênga | ingsun mêtu nora suwe | sigra wau Ki Untung | lawan gêdhong dinuwa aglis | kuncine gya malêsat | Ki Untung wus mêtu | apan cinatur samana | ngandhut patrêm tapak gêdhene sanyari | sapraptanirèng jaba || |
| 113.025 | kang ajaga pinatrêm ngêmasi | gumalethak tan kongsi sêsambat | kunci gya pinasang malèh | Ki Untung sigra laju | angulari wong sanaknèki | ya ta wontên kapêdhak | kêkalih ing ênu | sigra angrangkul samana | mring Ki Untung pan sarwi lara anangis | paran ta solahira || |
| 113.026 | salawase kita nandhang sakit | ingsun arsa têtilik tan bisa | mêngko ta wus mêtu dhewe | payo sun gawa mantuk | Ki Untung gya dènnya tut wuri | sapraptanirèng wisma | sira mitranipun | pawong sanake sadaya | binilangan dening kang katêmwèng nguni | akathah samya prapta || |
636–637 dari 1.487
| 1 | datan. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: kabèh datan suminggah. (kembali) |