Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
114 dari 234
644–645 dari 1.487
6.436–6.445 dari 14.865
| 114.050 | ya ta wau kawarnaa | wong Kumpêni kang sami anututi | kèndêl nagri ing Cianjur | pan wus miyarsa warta | yèn Ki Untung ngalèr angetan jogipun | tan pisah sarowangira | ya ta sagung wong Kumpêni || |
| 114.051 | ajrih yèn ngungsira têbah | dènnya samya wruh tandangira jurit | duk samana pitung dalu | Kumpêni nèng Pasundhan | wong Pasundhan sadaya kinèn angumpul | nèng Cianjur bêbarisan | sagung ingkang para mantri || |
| 114.052 | Kumpêni parentahira | barang kang wong liwat kinon aniti | yèn kongsi jangkêp sapuluh | yèn tan mawa dagangan | kinèn nyêkêl manawa iku Si Untung | yèn wong liwat dudu dagang | pêpêtên kang mring Batawi || |
| 114.053 | wadya Kumpêni wus bubar | mring Batawi kang kantun pacak baris | wong Pasundhan pra tumênggung | kang baris urut marga | yèn ta durung karuwan gone Ki Untung | Kumpêni parentahira | ywa ambubarakên baris || |
| 86. Surapati ngawula dhatêng Kartasura | |
| 114.054 | ya ta wau kawuwusa | lampahira Rahadèn Surapati | Pamalang gepak angidul | praptèng tanah Toyamas [14: 44] | rarywan dhusun Ngajibarang kang dinunung | pan dhusun ing Ajibarang | patingginira kêkalih || |
| 114.055 | apan samya kadangira | kalih sanak kang anom Saradênti | Saradênta kang asêpuh | langkung angupasuba | mring têtamu sawusira kawan dalu | sira Radèn Surapatya | samana apacak baris || |
| 114.056 | pan wus akarya narendra | Saradênta kalawan Saradênti | kang ingadêkakên ratu | sampun anglar jajahan | kanan keri Ajibarang samya nungkul | tan ana wani anglawan | marang Prabu Saradênti || |
| 114.057 | yèn ana dhusun kang băngga | gya ginêcak rêmpu tan măngga pulih | dadya prih kang kantun-kantun | wus dadi barisira | amung kantun jroning kitha dèrèng nungkul | sira Tumênggung Toyamas | kang maksih anglawan jurit || |
| 114.058 | apan sampun linampahan | Êmbun Jalandriya ingkang nindhihi | kitha Toyamas wus rawuh | rame dènira yuda | Ki Tumênggung Toyamas balane rêmpu | datan amăngga puliha | kongsul saking ing nagari || |
| 114.059 | kèndêl sawetan Toyamas | Ki Tumênggung maksih ngadêgkên baris | nèng Kalijirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Ngrema angumpul barisnya agung | Bun Jalandriya winarna | ratune wus dèn pondhongi || |
644–645 dari 1.487