Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
114–115 dari 234
645–646 dari 1.487
6.448–6.457 dari 14.865
| 114.062 | apadene ratunira | awaraha yèn lunga tapa mami | marang ing pasisir kidul | nanging wêwêkas ingwang | marang sira besuk yèn utusan ingsun | sarta gawa singsim ingwang | ratumu cêkêlên aglis || |
| 114.063 | sira gawaa bêbandan | Ki Bun Jalandriya umatur inggih | sandika ing rèh pukulun | lan malih sira bapa | aywa kandhêg nênêlukakên sirèku | kang abaris Kalijirak | gitikên sapungkur mami || |
| 114.064 | ri sampunnya amitungkas | gya umangkat Rahadèn Surapati | ing wayah madyaning dalu | angkatnya sing Toyamas | lampahira datan kawarna ing ênu | praptèng nagri Kartasura | radèn abrăngta ing galih || |
| 115. Asmaradana | |
| 115.001 | ingkang sinêdya ing ati | sira Radèn Surapatya | umarêk rêkyana patèh | kang nama Anrangkusuma | lampahnya sampun prapta | wau paregolanipun | anulya atur uninga || |
| 115.002 | samana kang têngga kori | kalamun wontên wong prapta | arsa ngawula sêdyane | ya ta nulya ingandikan | dhatêng rahadèn patya | Ki Surapati arawuh | ing ngarsa saha wotsêkar || |
| 115.003 | Radèn Anrangkusumèki | rêsêp ing manah tumingal | sigra angandika alon | lah wong têka ngêndi sira | kamulane ing kuna | lan sapa aranirèku | Ki Surapati tur sêmbah [14: 46] || |
| 115.004 | tan emut sangkaning alit | kawula têtiyang papa | pêparab kawula anggèr | anênggih pun Surapatya | sêdya amba ngawula | dhatêng gusti kang sinuhun | kalayan malih kawula || |
| 115.005 | sumêdya angungsi urip | saking amba dèn niaya | dhatêng pun kopar wiyose | inggih manawi sumêlang | ing galih sri narendra | upaminipun jinaluk | ing têmbe badan kawula || |
| 115.006 | inggih dhumatêng Kumpêni | dados sarune pun kopar | dipun patêdhakna age | inggih ing badan kawula | nanging panuwun amba | abdi dalêm sagungipun | têtiyang jawi punika || |
| 115.007 | sampun wontên kang umiring | ing salampahe pun kopar | inggih anggèr sayêktose | mênggah Kumpêni punika | kapanggih dalu siyang | apan ta kawula purun | datan nêdya gumingsira || |
645–646 dari 1.487