Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
114 dari 234
642–643 dari 1.487
6.414–6.423 dari 14.865
| 114.028 | narik patrêm asta kanan | asta keri sampun anarik kêris | anganan ngeri anuduk | tinumbak tan suminggah | wong Carêbon kang kapatrêm akèh lampus | Ki Untung asru sêsumbar [14: 40: sê...sumbar] | payo kene Surapati || |
| 114.029 | aja ngadu wadyanira | Surapati ngatag wadya nèng wuri | payo sosogên ing ganjur | wong siji găndra pira | urugana ing lêmbing kalawan busur | Ki Untung ngamuk manêngah | kang kaparag akèh mati || |
| 114.030 | wong Carêbon giris mulat | tandangira Ki Untung angajrihi | lir singabarong kadulu | winatang tan tumama | wong Carêbon akèh longe ingkang lampus | kang kari mawur kewala | tan kêna ingadu malih || |
| 114.031 | Ki Surapati malaywa | sêdyanira wêwadul mring nagari | ya ta warnanên Ki Untung | rowangnya kang suminggah | sarêng prapta sadaya pan sampun kumpul | angungun ing polahira | wênèh ana anangisi || |
| 114.032 | Ki Untung apirêmbagan | lan rowange prasamya angling aris | dawêg anyimpang Ki Untung | manawi winangsulan | dening kang wong ingkang ambebêgal wau | Ki Untung alon angucap | amêlasakên derangling || |
| 114.033 | apan wong nêdya raharja | sayêktine iya manggih basuki | saksana lajêng Ki Untung | lawan sarowangira | kawarnaa Surapati kang lumayu | sampun prapta ing nagara | lajêng tumamèng jro puri || |
| 114.034 | sultan pan lagya pinarak | Surapati praptèng ngarsa wotsari | gupuh dènira umatur | kawulatur uninga | abdi dalêm gusti akathah kang lampus | binegal wontên ing wana | dening kang amêndhêt kardi || |
| 114.035 | tiyang saking Batawiyah | wastanipun inggih pun Untung gusti | dene [14: 41] ing mangke pun Untung | lajêng manjing ing kitha | kèndêl wontên margi pamrapatan wau | Sultan Carêbon ngandika | mring kang wong akèn nimbali || |
| 114.036 | hèh bocah lah timbalana | wong kang rèrèn ngênu prapatan aglis | iya kang aran Si Untung | wong saking Batawiyah | sigra lampahing duta pan sampun rawuh | ngunggwaning Ki Untung ika | ya ta sampun dèn timbali || |
| 114.037 | Ki Untung kèrid utusan | sigra prapta rowangnya kantun jawi | Untung binakta malêbu | prapta ngarsanya sultan | ya ta Sultan Carêbon ngandika arum | marma sun timbali sira | Untung marang ngarsa mami || |
642–643 dari 1.487