Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
116 dari 234
665 dari 1.487
6.641–6.650 dari 14.865
116.076 miwah wonge Surapati akèh prapta | rame dènira jurit | Bugis myang Makasar | prange akulithihan | mulat ing mungsuh agiris | Prabu Mangkurat | suka dènnya ningali ||
116.077 Kapitan Tak sinosog ganjur tan pasah | winatang datan busik | sigra anarajang | Rahadèn Surapatya | Êtak kang dèn [14: 72: dè...n] parêpêki | ginoco sigra | Êtak awanti-wanti ||
116.078 datan pasah malah pêpêr kang curiga | sigra binucal aglis | Radèn Surapatya | sampun salin curiga | gya nuduk mawanti-wanti | Kapitan Êtak | apan datan abusik ||
116.079 upasira kalih wêlas Kapitan Tak | durbus agêming jurit | ngêbyok saking kanan | dinurbus binêdhilan | wau Radèn Surapati | sarowangira | sayah gingsir ing jurit ||
116.080 nèng panggonan atarap samya alênggah | Kumpêni ambêdhili | saking doh kewala | tan purun amarêka | sira Radèn Surapati | pan dhinawuhan | timbalane narpati ||
116.081 Surapati nêdha sampun kalayatan | dinukan ing narpati | alon aturira | kiyai gih sandika | kenginga aso rumiyin | pan dèrèng suda | manahe ingkang abdi ||
116.082 lawan rencang punika wontên kabranan | arsa nginuma warih | inggih tiga wêlas | sami angabên brana | wong anggandhèk wangsul aglis | prapta ing ngarsa- | nira sri narapati ||
116.083 wong anggandhèk sigra matur ing sang nata | ature Surapati | wus katur sadaya | mèsêm sri naradipa | ngandika dhatêng kang rayi | hèh yayi êmas | sayah Si Surapati ||
116.084 tuwanana payo adhi mas dèn enggal | manawa nêniwasi | sigra jêng pangeran | nêmbah angaras pada | têdhak saking ing sitinggil | mring kamandhungan | wus panggih lan wadyèki ||
116.085 wadyèng Kapugêran munggwing Kamangdhungan [14: 73: Kamangdhung...an] | wolulas kang pinilih | binêktèng pangeran | kinon salin busana | kadya wonge Surapati | miwah jêng pangran | busananira salin ||
665 dari 1.487