Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
117 dari 234
675–676 dari 1.487
6.748–6.757 dari 14.865
117.087 | marma sami ngati-ati | sagung prajurit manira | benjing manira bêktèng jro | rumêksa ing pakênira | kumêndur langkung suka | saya trima kasih sungguh | pracayane sri narendra || |
117.088 | angling Radèn Sindurja ris | tuwan lilah pakênira | manira arsa amondhok | angasokakên ing wadya | ya ta kumêndur sigra | angatêrakên ing pintu | rahadèn wus masanggrahan || |
117.089 | miwah sagunging bupati | sadaya wus masanggrahan | datan antara praptane | suguhe Ki Martapura | anggili jêjodhangan | ing ari datan kawuwus | arka wus nitih ancala || |
117.090 | ing dalu ika winarni | Ki Tumênggung Martapura | ingandikan marang pondhok | gunêm lan radèn apatya | miwah catur punggawa | Radèn Arya Sindurja sru | ngandika mring Martapura || |
117.091 | hèh Martapura sirèki | jinaluk marang Walănda | timbalan dalêm maringong | miwah mring catur punggawa | yèn sira wani nglawan | ingsun kinèn milu ngamuk | lawan sakănca manira || |
117.092 | Pangran Natakusuma ris | ngandika gih Martapura | besuk yèn praptèng loji jro | yèn pakênira cinandhak | kabèh kănca manira | nora talangke angamuk | yèn sira wani anglawan || |
117.093 | barêng lêbur barêng mati | bupati [15: 11: bupa...ti] iki lan sira | Martapura sru ature | yèn makatên tang[1] timbalan | inggih purun kawula | wuwuha Kumpêni sèwu | kawula datan suminggah || |
117.094 | amungsuh lawan si kapir | ing pundi gèn kapanggiha | ngrangsanga balowartine | pan inggih purun kawula | asêdya sabilullah | alah silih raga ulun | mati bubukên kêwala || |
117.095 | angur ngamuka Kumpêni | yèn matyantuk marga padhang | sarwi anampèl wêntise | suka punggawa kalima | miyarsa sanggupira | Ki Martapura ambubruk | ing dalu datan winarna || |
117.096 | ya ta kawuwusa enjing | punggawa sami samakta | Radèn Sindurja wadyane | satus ingkang pêpilihan | kang badhe barêng pêjah | kang arsa binakta masuk | dene wadyanya kang kathah || |
675–676 dari 1.487
1 | kang. (kembali) |