Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
117 dari 234
676–677 dari 1.487
6.752–6.761 dari 14.865
| 117.091 | hèh Martapura sirèki | jinaluk marang Walănda | timbalan dalêm maringong | miwah mring catur punggawa | yèn sira wani nglawan | ingsun kinèn milu ngamuk | lawan sakănca manira || |
| 117.092 | Pangran Natakusuma ris | ngandika gih Martapura | besuk yèn praptèng loji jro | yèn pakênira cinandhak | kabèh kănca manira | nora talangke angamuk | yèn sira wani anglawan || |
| 117.093 | barêng lêbur barêng mati | bupati [15: 11: bupa...ti] iki lan sira | Martapura sru ature | yèn makatên tang[1] timbalan | inggih purun kawula | wuwuha Kumpêni sèwu | kawula datan suminggah || |
| 117.094 | amungsuh lawan si kapir | ing pundi gèn kapanggiha | ngrangsanga balowartine | pan inggih purun kawula | asêdya sabilullah | alah silih raga ulun | mati bubukên kêwala || |
| 117.095 | angur ngamuka Kumpêni | yèn matyantuk marga padhang | sarwi anampèl wêntise | suka punggawa kalima | miyarsa sanggupira | Ki Martapura ambubruk | ing dalu datan winarna || |
| 117.096 | ya ta kawuwusa enjing | punggawa sami samakta | Radèn Sindurja wadyane | satus ingkang pêpilihan | kang badhe barêng pêjah | kang arsa binakta masuk | dene wadyanya kang kathah || |
| 117.097 | mung badhe nèng jawi loji | Pangeran Natakusuma | salawe pêpilihane | kang badhe sabaya pêjah | Tumênggung Suranata | sawidak santananipun | kang samya tumut palastra || |
| 117.098 | Ki Mangunonêng amilih | uwong Pathi kawan dasa | kang yogya sarêng lêbure | Ki Binarong pilihannya | antuk wong salawe prah | kang badhe tumut malêbu | ing loji sabaya pêjah || |
| 117.099 | Tumênggung Martapurèki | amilih wong kawan dasa | wadyèng Japara nom-anom | kang samya dinulang mangap | badhe nglabuhi pêjah | Radèn Arya Sindurjèku | sampun angrasuk busana || |
| 117.100 | dhuwung sakawan winangking | kalima cundrik agêmnya | kang minăngka cêcothène [15: 12: cêco...thène] | Pangeran Natakusuma | mangking dhuwung katiga | Kyai Gupita ing ngayun | cinothe munggwing adhakan || |
676–677 dari 1.487
| 1 | kang. (kembali) |