Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
117 dari 234
668–669 dari 1.487
6.675–6.684 dari 14.865
| 117.014 | iku padha sun paringi | nêmatus lêlungguhira | kalawan adhi malihe | si paman Natakusuma | ingsun karya wadana | wong gêdhe wadananipun | kang rayi jumurung karsa || |
| 117.015 | mupakat samya ngèstrèni | sagung kang para dipatya | ing parentahe sang katong | wau ingkang kawarnaa | Rahadèn Surapatya | ingkang mêntas dèn bêbujung | ing ênu datan winarna || |
| 117.016 | ing Pasuruan wus prapti | sagunging para dipatya | kang bêbujung bali kabèh | ya ta Radèn Surapatya | kang anèng Pasuruan | wus têtêp dènira lungguh | tan ana ingkang sumêlang || |
| 117.017 | suyud nagri kanan keri | ing Bangil myang Prabalingga | ing Pajarakan wus dene | miwah Japan Wirasaba | ing Daha myang Sarêngat | ing Malang Rênon sumuyud | nungkul marang Pasuruan [14: 77] || |
| 117.018 | sawetaning ardi Wilis | singa banggaa binahak | pan wus andadi barise | ya ta sagung pra dipatya | măncanagara prapta | ing Kartasura wus katur | mring sang nata solahira || |
| 117.019 | sukèng tyas sri narapati | ya ta ingkang kawuwusa | pan wus miyarsa wartane | Kumêndur Sêlutdriyansah | kang anèng ing Japara | yèn Kapitan Êtak lampus | tumpês sa-Kumpêninira || |
| 117.020 | aprang lawan Surapati | ing alun-alun dènnya prang | samana mêngkak driyane | Kumêndur Sêlutdriyansah | sampun akarya surat | kang dinuta layar sampun | mring nagari Batawiyah || |
| 117.021 | mangkana ingkang winarni | Kyai Arya Sindurêja | pan sampun mêsat dutane | marang nagri ing Japara | pangandikaning nata | kinèn prasadu asung wruh | yèn Êtak tiwas ing yuda || |
| 117.022 | miwah wadyaning narpati | akathah ingkang kabranan | myang ingkang pêjah wus dene | kang duta praptèng Japara | katur pustakanira | marang ing Kumêndur Sêlut- | driyansah gya tinupiksa || |
| 117.023 | miyarsa têmbunging tulis | kumêndur èmêng ing nala | nanging tansah gèdhèg bae | kang duta sampun tinulak | datan mawi wangsulan | mangkana ingkang cinatur | pan nagari ing Japara || |
668–669 dari 1.487