Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
118 dari 234
681–682 dari 1.487
6.805–6.814 dari 14.865
118.038 pasthi ana unggule kang jurit | dyan ginêtak pêcêl munggèng panjang | pêcêl mulya sata malèh | sata mibêr kaluruk | panêmbahan ngandika malih | lah iku pan pratăndha | mênang yudaningsun | kabèh anak putuningwang | yèn ayuda anêmpuha aja wingwrin | myat lungiding warastra ||
118.039 dene sira yèn palastra jurit | ingsun gêtak pan mangkono uga | matya bisa urip malèh | mungsuh [15: 21] kalamun lampus | pasthi iku mati sayêkti | ajana walang driya | kabèh wadyaningsun | tuwin anak putuningwang | lamun kêna ing lêlatu aywa miris | nolèha nuli waras ||
118.040 prawiranya samya sukèng galih | lan maninge besuk yèn ayuda | padha aloka mangkene | payo pêpêcut larut | dening mungsuhira awingwrin | andulu marang sira | katon dhas sapuluh | mungsuh ewon kapalajar | iya payo sêdhênge magutèng jurit | wadya samyatur sêmbah ||
118.041 wontên ingkang kinarya têtindhih | kêkasihe Ki Răngga Dhadhapan | sinêmbur bun êmbunane | sinung turăngga sampun | pun Pamulang wastaning wajik | sarwi kinèn wêwuda | nèng luhur kudèku | sawusnya samya samakta | budhal saking ing Malambang swaranyatri | gumuruh surak-surak ||
118.042 tan winarna ing marga wus prapti | wadyèng gunung bumi Pamasaran | wuwusên wau barise | Dipati Surèngkewuh | myarsa bantuning mungsuh prapti | wadya ing Surabaya | wus samakta mêthuk | ing mungsuh ayun-ayunan | ing kaleca arame campuh ing jurit | wong kidul ngamuk rampak ||
118.043 Răngga Dhadhapan ingkang nindhihi | nèng turănggga pan sarwi wêwuda | wong kidul mangkya surake | payo pêpêcut larut | wadyèng Surabaya bêdhili | nanging tan ana munya | kêkês manahipun | sira Ki Răngga Dhadhapan | maring ngarsa sêsumbar acêrik-cêrik | mawur wong Surabaya ||
118.044 prajuritnya nir kasuranèki [15: 22: kasuranè...ki] | wadyèng gunung anglir singalodra | galak mulat ing mangsane | akathah ingkang lampus | wadyèng Surabaya ingungsir | mangilèn lorogira | amogok nèng Wanglu | ingungsir malih lumaywa | pan mangalèr nèng Cèpèr atata baris | wadya ing Surabaya ||
118.045 nata arahan undhang wong cilik | Pangeran Wăngga ingkang kinarya | wong desa gêgunungane | lawan wontên bêbantu | saking Kartasura kang prapti | sèwu wadyèng Madura | pan sampun akumpul | wong Gunungkidul samana | anèng Wanglu gènira apacak baris | suyud ingkang kancikan ||
118.046 Ki Tumênggung Jangrana winarni | apan arsa umagut ing yuda | wus samakta prajurite | budhal kang wadya umung | baris Wanglu arsa ginitik | datan winarnèng solah- | irèng marga rawuh | ing Wanglu campuh ayuda | ramening prang ing dhadha wong Surèngwèsthi | kanan keri arahan ||
118.047 lawan wadyèng Sampang mangsah ngungkih | sanjata pan sadaya wus munya | wong kidul pêngkuh yudane | samyalok pêcut larut | saha ngamuk nusup kukusing | sanjata wadyèng Sura- | baya wuri ambyuk | miwah kang wadya Madura | pan anglingkung anginêbi saking wuri | wadyèng gunung kèh pêjah ||
681–682 dari 1.487