Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
119 dari 234
683–684 dari 1.487
6.828–6.837 dari 14.865
| 119.007 | wau Panêmbahan Rama | pan amomong munggwing wurining dasih | raywa kêkalih tut pungkur | saha kêkutug mênyan | prapta angin silir-silir awor lesus | ing payudan alimêngan | kêkês wadyèng Surawèsthi || |
| 119.008 | wadyèng Madura miyarsa | wus sayaga saking wetan ngêbyuki | nanging samya kêkêsipun | tuwin wadya arahan | saking kilèn pan sarêng dènira nêmpuh | gumrah swaraning ayuda | prapta udan riwis-riwis || |
| 119.009 | wadyèng gung prasamya rumab | Ki Dhadhapan anêmpuh nganan ngeri | wong Surabaya kèh lampus | miwah wadyèng Madura | wong arahan samana pan wus kaburu | wadyèng arga yudanira | lir andaka tawan kanin || |
| 119.010 | kasapwèng dalu samana | kang ayuda prasamya mundur kalih | amakuwon kalihipun | ing dalu kawarnaa | Panêmbahan Rama siniwèng wadyagung | munggwing kambang panêlêngan | Răngga Dhadhapan nèng ngarsi || |
| 119.011 | panêmbahan angandika | hèh Dhadhapan besuk yèn sira jurit | kaya nora kongsi nêmpuh | marang sariranira | tuwin marang wadyaningong kabèh iku | kaya uwis dèning gêlar | gêlar [15: 26: gê...lar] ingsun benjing-enjing || |
| 119.012 | alang-alang sun gêtaka | iku dadi manungsa milu jurit | akèh kadulu ing mungsuh | mungsuh giris umiyat | ingkang wadya enggar sadaya wotsantun | kunêng ingkang kawuwusa | Ki Tumênggung Surawèsthi || |
| 119.013 | ing dalu apagunêman | kang santana sadaya munggwing ngarsi | miwah para mantrinipun | tuwin mantryèng Madura | myang arahan Pangeran Ngawăngga rawuh | ing Kêkunang lan Pacalan | Têmbayat kang dèrèng prapti || |
| 119.014 | sira Tumênggung Jangrana | angandika hèh sanak-sanak mami | paran iki wêkasipun | yèn anggung mangkenea | kaya nora sampurna ing sapta tangsu | yèn mêngko karêp manira | ing ayuda sun awaki || |
| 119.015 | aywa angganggu pangawat | sarupane nunggala lawan mami | Pangeran Wăngga puniku | Pacalan lan Kêkunang | ing Têmbayat wontêna ing wuriningsun | sampun kêdah tumut yuda | ingong dhewe angawaki || |
| 119.016 | umatur Pangeran Wăngga | pan pun adhi Têmbayat dèrèng prapti | pun adhi mindêl puniku | kêdah wakil kewala | sawarnine inggih sanak-sanakipun | kang binêktakkên kawula | nging maksih kawula iri || |
683–684 dari 1.487