Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
119 dari 234
684–685 dari 1.487
6.835–6.844 dari 14.865
119.014 sira Tumênggung Jangrana | angandika hèh sanak-sanak mami | paran iki wêkasipun | yèn anggung mangkenea | kaya nora sampurna ing sapta tangsu | yèn mêngko karêp manira | ing ayuda sun awaki ||
119.015 aywa angganggu pangawat | sarupane nunggala lawan mami | Pangeran Wăngga puniku | Pacalan lan Kêkunang | ing Têmbayat wontêna ing wuriningsun | sampun kêdah tumut yuda | ingong dhewe angawaki ||
119.016 umatur Pangeran Wăngga | pan pun adhi Têmbayat dèrèng prapti | pun adhi mindêl puniku | kêdah wakil kewala | sawarnine inggih sanak-sanakipun | kang binêktakkên kawula | nging maksih kawula iri ||
119.017 kados ing sadintên benjang | dhatêngipun lan botêne pun adhi | Tumênggung Jangrana muwus | nadyan botên dhatênga | pan sapala ingantosana puniku | parandene wus akathah | santanane kang wus prapti ||
119.018 pan kula ing benjang-enjang | arsa magut yuda angrurah biting | wong gunung êndhasa sèwu | măngsa ingsun [15: 27: ing...sun] mirisa | dika pangran dèn pênêd muji nèng pungkur | dèn kathah sêsuwuk dika | ing kêkêse wadya mami ||
119.019 yên ta maksih katingalan | nadyan silih mati bisaa urip | sok sampun si bisa mabur | datan kêni tinumbak | yèn taksiha nèng dharat wuwuha sèwu | măngsa ingsun ginggangana | maksih uga tarung akris ||
119.020 hèh wongingsun Surabaya | para mantri miwah pra kadang mami | ing ayuda besuk-esuk | aywadoh lawan ingwang | milihana wadya têka panca atus | kang yogya parêng antaka | lan wongingsun talangpati ||
119.021 ing ratri datan kawarna | wusnya enjing samakta ing ajurit | miwah wadyèng arga sampun | sayaga magut yuda | mêdal saking pabitingan wadya umung | têtunggul Răngga Dhadhapan | senapatining ajurit ||
119.022 wadyèng arga tandangira | tan awingwrin miyat warastra lungid | lir singarodra dinulu | gurune munggwing wuntat | Panêmbahan Rama sarwi akêkutug | pan wus karsaning Hyang Suksma | pangabaran tanpa dadi ||
119.023 bêdhil pan wus samya munya | wadyèng Surabaya byuk ambêdhili | ingudanan pasêr busur | wadyèng gunung kèh pêjah | maksih tangguh wadyèng Madura gumulung | pira kadare wong arga | ingurugan ing pêpati ||
684–685 dari 1.487