Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
121 dari 234
704 dari 1.487
7.031–7.040 dari 14.865
95. Radèn Sukra gadhah pangarah dhatêng Radèn Ayu Lêmbah, dèrèng kadumugèn nêmahi tiwas kalih-kalihipun
121.010 Radèn Sukra emut ing tyas | lamun garwanira pangran dipati | gumingsir mring dalêmipun | wontên ing Kapugêran | sun jajale sun sanake garwanipun | mangkana andikanira | iya sun gawene margi ||
121.011 ya ta wau Radèn Sukra | animbali pamomongira kalih | Singananda wastanipun | kang siji Patrawisa | praptèng ngarsa ban kalih binaktèng pungkur | marang dalêm gandhok wetan | êmban kalih dèn bisiki ||
121.012 hèh bapa sira wus wikan | ing wartane radèn ayu dipati | marmane gumingsir iku | ana ing Kapugêran | Sirananda Patrawisa lon umatur | inggih kawula miyarsa | ing warta têtiyang jawi ||
121.013 kawon dening wong pundhutan | saking Onje pinangkaning pawèstri | inginggahkên garwa sampun | marma sang ayu linggar | dene mangke panggenane radèn ayu | maksih ingewan ing rama | dening munggèng langonsari ||
121.014 wingi kawula sêsanjan | pasanakan kawula kang awarti | pun Jamarta wastanipun | tiyang ing Kapugêran | malah sabên sontên nênggih radèn ayu | pinarak anèng panggungan | katingal saking ing margi ||
121.015 kados anglêlipur brăngta | sangêt onêng watawis dhatêng laki | agrah kawit sang rêtnayu | ing rama tan sinapa [15: 67] | marmanipun Pangran Pugêr dukèng sunu | pinrih anuntên kondura | mring kadospatèn tumuli ||
121.016 hèh bapa kêkambilana | kudaningsun korea Si Nirwati | kuda seta ulêsipun | anulya kinambilan | rinaraban Nirwati baludru wungu | palisir cindhe puspita | suku pat pinancal sami ||
121.017 mila wêrdi kang kinarya | buntut kuncung satugêl dèn nilani | gêgarudhan êbègipun | Radèn Sukra busana | golang-galing ijo apan nyampingipun | paningsêt jingga renda mas | akuluk cêmêng pênitis ||
121.018 sadasa lêr kaitira | arja dhuwung sarungan pêltuk wilis | ukiran cula sinêmu | amêndhak parijatha | yèn sinawang warnane tuhu binagus | solahe luwês sêmbada | kadi putra Dwarawati ||
121.019 Radèn Sukra sigra mêdal | panakawan rongpuluh kang angiring | êmban kêkalih tan kantun | sapraptanirèng jaba | nulya nitih rahadèn turăngga sampun | siriging kuda angêpyah | samarga-marga sêsirig ||
704 dari 1.487