Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
121 dari 234
704–705 dari 1.487
7.033–7.042 dari 14.865
| 121.012 | hèh bapa sira wus wikan | ing wartane radèn ayu dipati | marmane gumingsir iku | ana ing Kapugêran | Sirananda Patrawisa lon umatur | inggih kawula miyarsa | ing warta têtiyang jawi || |
| 121.013 | kawon dening wong pundhutan | saking Onje pinangkaning pawèstri | inginggahkên garwa sampun | marma sang ayu linggar | dene mangke panggenane radèn ayu | maksih ingewan ing rama | dening munggèng langonsari || |
| 121.014 | wingi kawula sêsanjan | pasanakan kawula kang awarti | pun Jamarta wastanipun | tiyang ing Kapugêran | malah sabên sontên nênggih radèn ayu | pinarak anèng panggungan | katingal saking ing margi || |
| 121.015 | kados anglêlipur brăngta | sangêt onêng watawis dhatêng laki | agrah kawit sang rêtnayu | ing rama tan sinapa [15: 67] | marmanipun Pangran Pugêr dukèng sunu | pinrih anuntên kondura | mring kadospatèn tumuli || |
| 121.016 | hèh bapa kêkambilana | kudaningsun korea Si Nirwati | kuda seta ulêsipun | anulya kinambilan | rinaraban Nirwati baludru wungu | palisir cindhe puspita | suku pat pinancal sami || |
| 121.017 | mila wêrdi kang kinarya | buntut kuncung satugêl dèn nilani | gêgarudhan êbègipun | Radèn Sukra busana | golang-galing ijo apan nyampingipun | paningsêt jingga renda mas | akuluk cêmêng pênitis || |
| 121.018 | sadasa lêr kaitira | arja dhuwung sarungan pêltuk wilis | ukiran cula sinêmu | amêndhak parijatha | yèn sinawang warnane tuhu binagus | solahe luwês sêmbada | kadi putra Dwarawati || |
| 121.019 | Radèn Sukra sigra mêdal | panakawan rongpuluh kang angiring | êmban kêkalih tan kantun | sapraptanirèng jaba | nulya nitih rahadèn turăngga sampun | siriging kuda angêpyah | samarga-marga sêsirig || |
| 121.020 | kang sinêdyèng Kapugêran | pungkurane sinêdya pinaripit | banon patamananipun | kang ngalèr pinggir marga | têtêrusan pinggir lèpèn prênahipun | gantya ingkang kawarnaa | kang anèng ing tamansari || |
| 121.021 | kang lagya ngewan ing raka | Radèn Ayu Lêmbah nèng langonsari | mêntas siram sang rêtnayu | pan sampun kalih căndra | dènnya anèng Kapugêran sang dyah ayu | atajin dhahar lan nendra | kang cahya saya dumêling || |
704–705 dari 1.487