Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
121 dari 234
703–704 dari 1.487
7.022–7.031 dari 14.865
| 121. Pangkur | |
| 121.001 | Radèn Sukra pinilara | tinabokan pan sarwi dèn sumêdi | maripat jinêjêl sêmut | sêmut irêng kinarya | kalosodan tobat-tobat sambatipun | adhuh anggèr datan dosa | sampun nganiaya gusti || |
| 121.002 | sinêmut malih netranya | Radèn Sukra nangis ngrungkêbi siti | sasampunira anjagur | pangeran nulya jêngkar | Radèn Sukra anggêladrah anèng lurung | kalosodan kawlasarsa | panakawane marani || |
| 121.003 | wus ginendhong Radèn Sukra | netra kalih mêrêm awaspa gêtih | sapraptane [15: 65: saprapta...ne] pasar agung | wong ngira Radèn Sukra | ting balêbêr prasamya amapag tandhu | wus tinandhu Radèn Sukra | awlas kang samya ningali || |
| 121.004 | sapraptaning Kasindurjan | Radèn Arya Sindurja aningali | wus tinutur mulanipun | radèn patih sakala | mulat maring putra lali gustinipun | sirating netra ngatirah | jaja bang lir wora-wari || |
| 121.005 | dene têka tanpa dosa | jêng pangeran sikara maring abdi | rinapu ing garwanipun | pan sarwi ginendholan | lilih Radèn Sindurja dadya amupus | kalangkung awlas ing putra | adhuh anak ingsun gusti || |
| 121.006 | samana wus ingusadan | sapta ratri waluya kadi nguni | umatur ing ramanipun | kawula amit pêjah | sun amuke wong kadipatèn ing dalu | sun anglangi ganjur watang | arêramon pêdhang tamsir || |
| 121.007 | pan kacatur Radèn Sukra | ngingu Bugis pitung dasa kèhnèki | pan kajawi ramanipun | wonge Bugis akathah | Radèn Arya Sindurja ngandikèng sunu | adhuh nyawa putraningwang | trapna mujadahmu gusti || |
| 121.008 | angrasaa yèn kawula | sakarsane linakon yèn kuwawi | sok aja tumêkèng lampus | nadyan silih pêjaha | lamun uga kabênêran dosanipun | wis bubuhaning kawula | tan kêna amilih pati || |
| 121.009 | radèn supe ing batinnya | ing laire maring kang rama ajrih | angunandika ing kalbu | paran margane baya | lan pangeran dipati têpung aluwung | gêntia tumbak-tinumbak | kapan baya gênti kêris [15: 66] || |
| 95. Radèn Sukra gadhah pangarah dhatêng Radèn Ayu Lêmbah, dèrèng kadumugèn nêmahi tiwas kalih-kalihipun | |
| 121.010 | Radèn Sukra emut ing tyas | lamun garwanira pangran dipati | gumingsir mring dalêmipun | wontên ing Kapugêran | sun jajale sun sanake garwanipun | mangkana andikanira | iya sun gawene margi || |
703–704 dari 1.487