Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
121 dari 234
705–706 dari 1.487
7.042–7.051 dari 14.865
121.021 | kang lagya ngewan ing raka | Radèn Ayu Lêmbah nèng langonsari | mêntas siram sang rêtnayu | pan sampun kalih căndra | dènnya anèng Kapugêran sang dyah ayu | atajin dhahar lan nendra | kang cahya saya dumêling || |
121.022 | kadya wêwangun lêpihan [15: 68: lê...pihan] | risaking kang sarira wimbuh manis | anglonging jăngga ngêguwung | kadya layoning noja | netra balut dhahar sarene sinatru | soca lir intên pinêcah | waja lir mirah inganggit || |
121.023 | sèngga pradapa sinêmpal | anglir kontal kanginan sang rêtnadi | madyanira kadya putung | lir murca kêdhèpêna | kang wadana sawang gêbyaring sitangsu | ping patbêlas karainad[1] | piningit ing ima nipis || |
121.024 | riyêm-riyêm asung brăngta | yèn lingiring winor kêjêring alis | angilat thathit abarung | pantês dadya la-êla | yèn lumampah gandrung-gandrung asung wuyung | akèh modin buwang sêrban | andulu yèn mingis lathi || |
121.025 | mangkana wau sang rêtna | apan lagya sinurèng marang dasih | rema rawuh ing jêjêngku | lir mega ăndrawela | dènnya lênggah sang rêtna munggwing ing panggung | asinjang cindhe kananga | asamir jingga tinêpi || |
121.026 | kagyat sang rêtna umiyat | wontên janma nitih kuda sêsirig | lir badhaya kudanipun | maripit pagêr bata | kang angiring têbih lawan sang binagus | sang rêtna alon ngandika | hèh ragane sapa iki || |
121.027 | bola-bali dènnya têgar | ngetan ngulon angungak tamansari | wong ing êndi baya iku | sang rêtna sigra têdhak | saking panggung êmban kêkalih umatur | kalamun raka paduka | sampun age têdhak gusti || |
121.028 | sang rêtna alon ngandika | dudu kangmas dene kang ngiring kêdhik | lan măngsa panglinga ingsun | iya maring kakang mas | nadyan silih nganggea cara kumêndur [15: 69: kumê...ndur] | pan ingsun măngsa panglinga | wong iki nganyar-anyari || |
121.029 | sang rêtna wus praptèng ngandhap | mundhut ăndha banon wus dèn andhani | minggah ing ăndha sang ayu | jaja manglung ing bata | duk samana pukul lima wayahipun | kang candhikala sumirat | kang surya wus sirat kuning || |
121.030 | manglung ing bata sang rêtna | ngalèr ngilèn kang surya narawungi | wadana katlorong mancur | Radèn Sukra wus nyêpak | apan sarêng dènira dulu-dinulu | anglir panjang putra tiba | ing sela kumêpyur sami || |
705–706 dari 1.487
1 | karainan. (kembali) |