Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
121–122 dari 234
705–706 dari 1.487
7.046–7.055 dari 14.865
121.025 mangkana wau sang rêtna | apan lagya sinurèng marang dasih | rema rawuh ing jêjêngku | lir mega ăndrawela | dènnya lênggah sang rêtna munggwing ing panggung | asinjang cindhe kananga | asamir jingga tinêpi ||
121.026 kagyat sang rêtna umiyat | wontên janma nitih kuda sêsirig | lir badhaya kudanipun | maripit pagêr bata | kang angiring têbih lawan sang binagus | sang rêtna alon ngandika | hèh ragane sapa iki ||
121.027 bola-bali dènnya têgar | ngetan ngulon angungak tamansari | wong ing êndi baya iku | sang rêtna sigra têdhak | saking panggung êmban kêkalih umatur | kalamun raka paduka | sampun age têdhak gusti ||
121.028 sang rêtna alon ngandika | dudu kangmas dene kang ngiring kêdhik | lan măngsa panglinga ingsun | iya maring kakang mas | nadyan silih nganggea cara kumêndur [15: 69: kumê...ndur] | pan ingsun măngsa panglinga | wong iki nganyar-anyari ||
121.029 sang rêtna wus praptèng ngandhap | mundhut ăndha banon wus dèn andhani | minggah ing ăndha sang ayu | jaja manglung ing bata | duk samana pukul lima wayahipun | kang candhikala sumirat | kang surya wus sirat kuning ||
121.030 manglung ing bata sang rêtna | ngalèr ngilèn kang surya narawungi | wadana katlorong mancur | Radèn Sukra wus nyêpak | apan sarêng dènira dulu-dinulu | anglir panjang putra tiba | ing sela kumêpyur sami ||
121.031 kalihe tanpa jamuga | Radèn Sukra sinamur asêsirig | tumingal ing sang dyah ayu | ngadêg suraning driya | tan aetang pati amilanga tatu | lêbura kadya pratala | sun labuhe lara brangti ||
122. Asmaradana
122.001 êmbanira sang lir Ratih | sajuga tumut nèng bata | ingkang kinèn atêtakèn | hèh bagus manira tanya | ingutus mring sang rêtna | sintên wêwanginirèku | sumaur Rahadèn Sukra ||
122.002 kawula sutaning patih | Sukra kalareyaningwang | Natadirja araningong | nanging durung pati karan | maksih karan pun Sukra | sang rêtna ngandika asru | hèh kalingane Si Sukra ||
122.003 warnanira tuhu pêkik | nanging dêksura ing tingkah | nora angeman baguse | yèn sira kawênangana | mring kangmas adipatya | pasthi yèn gulumu jabud | wong dêladag nora prênah ||
705–706 dari 1.487