Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
122 dari 234
719–720 dari 1.487
7.190–7.199 dari 14.865
| 122.138 | lan rêtna cêpaka yayi | mirah selan nêm kêmbaran | ijo mirut lan widure | iku padha aturêna | lan dhêdhakon salaka | kêcike suwasa luru | rongatus wawrat rong katya || |
| 122.139 | padha aturêna benjing | papan cuki sagagragan | iya sun gawa marene | iku yayi aturêna [16: 12] | cukine saparo mas | ya rong kati bobotipun | ingkang saparo salaka || |
| 122.140 | iya bobote rong kati | cindhe puspita salirang | uwis mung iku duwèke | sinjang lawan kasêmêkan | goningsun gawa dhawak | uwis mara ariningsun | kang rayi samya awaspa || |
| 122.141 | cindhe pan sampun tinarik | sang rêtna ngêningkên tingal | nora samar dêdalane | patitis ing sangkan paran | kêcêp maring kamuksan | pan cumêkik swaranipun | sang rêtnaning dyah wus niba || |
| 122.142 | kagyat sadaya parari | prasamya atêbah jaja | prasamya karuna kabèh | kang layon wus rinarămpa | pinarnah ujurira | nyai Tambakbaya wau | apan sampun pinêjahan || |
| 122.143 | kori winêngakkên aglis | pra ibu prapta sadaya | tuwin inya lan êmbane | miyat layon gilang-gilang | agêpah sinungkêman | swaraning tangis gumuruh | pra putra sowan ing rama || |
| 122.144 | amatur sarwi anangis | sakathahing paratmaja | yèn sampun lalis kakange | jêng pangeran tan ngandika | ya ta kang kawarnaa | wadya kang jawi ing pintu | miyarsa yèn gusti duka || |
| 122.145 | sadaya atata baris | wadyabala Kapugêran | warta wus adoh gumyahe | Pangeran Arya Mataram | sampun miyarsa warta | budhal kang wadya gumuruh | lan Pangran Arya Panular || |
| 122.146 | praptèng Kapugêran sami | nèng lêlurung barisira | pangeran malêbêt age | wus panggih lawan kang raka | gantya kang kawuwusa | pra garwa dandan [16: 13: danda...n] malêbu | atur uninga mring nata || |
| 122.147 | anarka yèn dadi jurit | lawan wadyèng Kasindurjan | sigra-sigra ing lampahe | datan kawarna ing marga | wus praptèng dalêm pura | kawarnaa sang aprabu | pinarak kang prabayasa || |
719–720 dari 1.487