Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
733–734 dari 1.487
7.325–7.334 dari 14.865
124. Dhandhanggula
97. Ingkang Sinuhun Amangkurat seda dipun gêntosi putra Pangeran Adipati Anom
124.001 kang anglurug sampun dèn timbali | mantri anom sakawan dinuta | datan kawarna lampahe | ing Pranaraga rawuh | lan pangeran sampun apanggih | dhinawuhan timbalan- | nira sang aprabu | pangran ingaturan wikan | lamun gêrah asangêt rakaniraji | sang ari kapitèng[1] tyas ||
124.002 gupuh dènnya ngundhangi wadyalit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | sampun praptèng Kartasura | jêng pangeran lajêng tumamèng jro puri | panggih lan naranata ||
124.003 anungkêmi ing pada narpati | mangênjalinira ring suku sang | mangusapi ing lêbune | sang natalon amuwus | kayaparan lakuniradhi | kang rayi matur nêmbah | raharja pukulun | sang nata malih ngandika | ingsun adhi kêna lara tanpa kardi | lumpuh tan bisa obah ||
124.004 kayaparan karsanira ari | apa ingkang ginawe usada | kalangkung dening sangête | sihing Hyang Kang Mahagung | jêng pangeran matur wotsari | tuwan anarimaa | sihing Hyang kang dhawuh | kang raka alon [16: 33: alo...n] ngandika | adhi êmas lah sira mantuka aglis | kang rayi matur nêmbah ||
124.005 Jêng Pangeran Pugêr sigra mijil | saking pura mantuk dalêmira | sinêngkalan duk gêrahe | sira kangjêng sinuhun | wong ningali obahing bumi |[2] sawarsa laminira | dènnya gêrah lumpuh | ing mangke sampun waluya | sri narendra nadar kasukan ing warih | miwah angrampog sima ||
124.006 kacarita sira sri bupati | alêlumban ing sagara yasa | pra garwa umiring kabèh | myang para putra tumut | Dyan Sudira wus kinèn ngambil | bajul kang anèng toya | baya dibya anung | cinandhak ing asta kiwa | sigra ingaturkên ing uwa narpati | suka tyasnya narendra ||
124.007 miwah sagung kang para bupati | kagawokan miyat ing rahadyan | dene langkung digdayane | atanapi sang prabu | nutug gènnya kasukan warih | kondur sri naranata | tumamèng kadhatun | narendra tulus raharja | pra santana kamantyan suka ing galih | gantya kang winursita ||
124.008 grahanira pangeran dipati | saking Onje sampun apêputra | jalu apêkik citrane | lan wontên sêliripun | saking wadya Kambêng mêdali | antara tigang căndra | babare kang sunu | lan garwa Ngonje punika | samya jalu putrane pangran dipati | kang sêpuh winastanan ||
124.009 Radèn Mas Bumi dene kang rayi | winastanan Radèn Mas Panênggak | kang sêpuh katêlah rane | iya Radèn Mas Sêpuh | tan kawastan Radèn Mas Bumi | nuli [16: 34: nu...li] malih pêputra | graha Ngonje wau | jalu malih kang atmaja | dadya sami saking garwa Ngonje nênggih | punika winastanan ||
124.010 Radèn Êmas Alit dadya katri | pinundhut ing eyang sri narendra | pinutra-putra eyange | mring eyang sang aprabu | samya basa rama dyan mantri | mring rama basa kakang | pangran dipatyèku | nuli malih apêputra | sêlir saking Kambêng mêdali pawèstri | tunggil Dènmas Panênggak ||
733–734 dari 1.487

 


kampitèng. (kembali)
Tanggal: wong ningali obahing bumi (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. Lihat juga: BTJ van Dorp (Jilid 4 hlm. 184). (kembali)