Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 234
842–843 dari 1.487
8.420–8.429 dari 14.865
135.041 | Ki Juragan Bali kinèn mantuk sigra | mring nagari Garêsik | ginotong ing wadya | wêlingira Apanjya | hèh poma Juragan Bali | yèn sira waras | nuli balia maning || |
135.042 | tan kawarna ing marga Kyai Juragan | sampun praptèng Garêsik | nulya mangan sêga | sakite wus waluya | ya ta gantya kang winarni | Rêkyana Patya | Cakrajaya wus prapti || |
135.043 | lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | sami jujug mring loji | nênggih kacarita | loji ing Surabaya | Walandi kang jaga kêdhik | mung kawan dasa | samya angati-ati || |
135.044 | pan mèh bêdhah rinuruh dening kang mêngsah | nulya Rêkyana Patih | Cakrajaya prapta | myang sagung pra punggawa | wus pêpak nèng Surawèsthi | sawadyanira | tuwin sagung Kumpêni || |
135.045 | Ki Tumênggung Kartanagara wus prapta | nagari Surawèsthi | baris kidul kitha | aran desèng Sapanjang | nulya angaturi tulis | marang sang nata | miwah Rêkyana Patih || |
135.046 | Cakrajaya prasamya ngaturi sêrat | dhatêng sri narapati | duta lumaksana | wus praptèng Kartasura | sêrat katur ing narpati | wus tinukpiksa[1] | bêbukaning kang tulis || |
135.047 | sêratira Kiyai Kartanagara | pinariksa ing aji | kacayan[2] sang nata | andangu marang duta | iki sapa kang anulis | duta wotsêkar | pukulun kang anulis || |
135.048 | abdi dalêm kêkasih pun Saratruna | anaking Sarawadi | lingira sang [18: 57] nata | warahên gustinira | carike sun pundhut mangkin | dèn ulihêna | marang Kartasurèki || |
135.049 | kang caraka kêkalih sampun tinulak | pan binêktanan tulis | punang duta mêsat | ya ta kang kawarnaa | kang baris ing Surawèsthi | ayun-ayunan | prasamya abêbiting || |
135.050 | sakathahe punggawa ing Kartasura | tuwin bala Kumpêni | prasami prayitna | mariyême tinata | tanapi wong Surawèsthi | prayitnèng baya | tan ana sêdya urip || |
842–843 dari 1.487
1 | tinupiksa. (kembali) |
2 | kacaryan. (kembali) |