Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 234
839–840 dari 1.487
8.385–8.394 dari 14.865
135.006 | ri sampuning rêmbag panji ing Lamongan | arsa banjêla malih | dhatêng nagri Jipang | sira Dewa Kaloran | bêktani satus wong Bali | wontên satunggal | têtiyang ing Garêsik || |
135.007 | pan binêkta dening Panji Surèngrana | aran Juragan Bali | agêng manahira | sugih wong têtêbusan | dêdêge agêng ainggil | Kyai Juragan | kêras ambêkirèki || |
135.008 | kaduk wani tate aprang ing lautan | wus binêkta tumuli | mangsah dhatêng Jipang | rabine Ki Juragan | ginadhe dhatêng Apanji | kinèn ambêkta | dhatêng ing Surawèsthi || |
135.009 | para dewa prasamya kantun sadaya | anèng nagri Garêsik | Panji Surèngrana | mangkat sawadyanira | ingkang kinarya pangarsi | Kyai Juragan | tan kawarna ing margi || |
135.010 | lampahira sampun praptèng nagri Jipang | sigra campuh tumuli | lan wong Kartasura | myang sagung pra punggawa | pêpak wong măncanagari [18: 52: măncanaga...ri] | nèng nagri Jipang | kang minăngka têtindhih || |
135.011 | Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | langkung ramening jurit | ya ta Ki Juragan | Bali sigra umangsah | têdhak saking ing turanggi | angamuk rampak | wong têtêbusan ngiring || |
135.012 | Ki Juragan Bali tandange lir yaksa | kang tinarajang gusis | wadyabala Jipang | kathah longe kang pêjah | tuwin wong măncanagari | akèh pralina | sigra mundur tumuli || |
135.013 | sakathahe punggawa măncanagara | myang wong Kartasurèki | kèngsêr barisira | wontên sakilèn kitha | desa Barongkol dèn goni | sagung punggawa | prasami abêbiting || |
135.014 | kitha Jipang anênggih sampun kancikan | dhatêng Surèngranèki | sigra wontên duta | prapta atur uninga | yèn Sidayu dèn anciki | dhatêng Ki Răngga | Tuban myang wong pasisir || |
135.015 | ing bang kilèn ingirid dhatêng Ki Răngga | sigra Juragan Bali | kinèn umangsaha | mring Sidayu nagara | sampun binêktan wong Bali | sèkêt kèhira | nulya mangkat tumuli || |
839–840 dari 1.487