Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 234
846–847 dari 1.487
8.459–8.468 dari 14.865
135.080 | bala Kartasura kang baris Sapanjang | nênggih kang dèn setani | wong Kartanagaran | tan bisa golèk pangan | yèn sampuna kanthi biting | watawis rusak | wadyèng Kartasurèki || |
135.081 | ngiwad-ngiwud sira Panji Kartayuda | pinarapat kang dasih | bêdhug dalu prapta | ngamuk sawadyanira | bakda subuh prapta malih | angamuk rampak | wanci ngasar pan prapti || |
135.082 | sêdhih kingkin ingkang baris ing Sapanjang | tan ana kang binukti | Panji Kartayuda | kang ngadhangi ing marga | ya ta gantya kang winarni | Ki Cakrajaya | apirêmbagan sami || |
135.083 | lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | angling rêkyana patih | lah kumêndur nêdha | mangsah ing adilaga | punapa ingkang dèn anti | pan sampun lama | nèng nagri Surawèsthi || |
135.084 | ngling Kumêndur Gobyo hèh ki patih nêdha | sigra rêkyana patih | undhang mring punggawa | kinèn sami siyaga | sakapraboning ajurit | sagung punggawa | nêmbang têngara atri || |
135.085 | nulya mêdal wau sagung pabitingan | wadyalit samya kardi | tingkês lawan jagang | ingkang lumampah ngarsa | dene tatane kang baris | Kumpêni têngah | dadya dhadhaning jurit || |
135.086 | tuwin wadya Bugis Makasar Sêmbawa | tan têbih lan Walandi | kang dadya pangawat | Dipati Jayaningrat | anindhihi wong pasisir | ingkang pangiwa | dadi pangawat keri || |
135.087 | ingkang têngên pan dadi pangawat kanan | kang pinăngka [18: 62: pi...năngka] têtindhih | Kyai Adipatya | Citrasomèng Japara | Tumênggung Cakrajayèki | pan anèng têngah | tunggil lawan Kumpêni || |
135.088 | kadya mêndhung barise rêkyana patya | awor baris Kumpêni | tan kêna winilang | sakèh papan kèbêkan | tanapi wadyèng pasisir | tanpa wilangan | tinon lir parwatapi || |
135.089 | wadyèng Surabaya sampun asiyaga | kang anindhihi baris | nênggih arinira | Arya Jayapuspita | warnane anom apêkik | pan sanès biyang | lan Jayapuspitèki || |
846–847 dari 1.487