Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 234
847–848 dari 1.487
8.464–8.473 dari 14.865
135.085 | nulya mêdal wau sagung pabitingan | wadyalit samya kardi | tingkês lawan jagang | ingkang lumampah ngarsa | dene tatane kang baris | Kumpêni têngah | dadya dhadhaning jurit || |
135.086 | tuwin wadya Bugis Makasar Sêmbawa | tan têbih lan Walandi | kang dadya pangawat | Dipati Jayaningrat | anindhihi wong pasisir | ingkang pangiwa | dadi pangawat keri || |
135.087 | ingkang têngên pan dadi pangawat kanan | kang pinăngka [18: 62: pi...năngka] têtindhih | Kyai Adipatya | Citrasomèng Japara | Tumênggung Cakrajayèki | pan anèng têngah | tunggil lawan Kumpêni || |
135.088 | kadya mêndhung barise rêkyana patya | awor baris Kumpêni | tan kêna winilang | sakèh papan kèbêkan | tanapi wadyèng pasisir | tanpa wilangan | tinon lir parwatapi || |
135.089 | wadyèng Surabaya sampun asiyaga | kang anindhihi baris | nênggih arinira | Arya Jayapuspita | warnane anom apêkik | pan sanès biyang | lan Jayapuspitèki || |
135.090 | kêkasihe gantyani swargining raka | ran Jangrana Ngabèi | kang kinarya dhadha | wadya kaum sadaya | sami arasukan putih | para ngulama | pitung atus kèhnèki || |
135.091 | para kêtib tinon lir kuntul sarawa | sami anyothe cundrik | sarya ngagêm watang | tan kêna kawoworan | sira Ki Pangulu Akim | ingkang minăngka | têtindhihing pra mantri || |
135.092 | lan Pangulu Tambakaji sisihira | sagung kang para mantri | mantri Surabaya | kang kinarya pangawat | dene Kyai Adipati | Jayapuspita | munggèng ing wuri têbih || |
135.093 | sigra budhal saking salêbêting kitha | rêbat papan ing jurit | dhusun Pakapasan | nênggih dènira mapan | Kumêndur Gobyo glis prapti | sawadyanira | myang punggawa pasisir || |
135.094 | sigra campuh wau dènira ayuda | Walănda ambêdhili | kaum Surabaya | sami mêndhak sadaya | anèng ara-ara nênggih | Kumpêni [18: 63: Ku...mpêni] sigra | wanti-wanti ambêdhil || |
847–848 dari 1.487