Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 234
850–851 dari 1.487
8.494–8.503 dari 14.865
135.115 | kacarita Apanji Wiranagara | darbe ari satunggil | aran Agrayuda | nangis nungkêmi pada | tuwin ingkang para mantri | sami karuna | sarya matur ing gusti || |
135.116 | gustiningsun Apanji Wiranagara | lumayua tumuli | rêbuta koripan | ngungsia pabitingan | patine ingsun andhêmi | anggèr paduka | tulusa mukti sari || |
135.117 | sira Panji Wiranagara ing Têgal | amicarèng jro ati | nadyan lumayua | măngsa wurunga pêjah | mandah ucape ing bumi [18: 66: bu...mi] | yèn sun lumajar | benjing nak putu mami || |
135.118 | sri narendra tan arsa angabdèkêna | utamaning bupati | pêjah ngadilaga | angling Wiranagara | ing sakèhe sanak mami | ngong milu pêjah | ambelani sirèki || |
135.119 | wadyabala ing Têgal kathahên lawan | kiwul-kiwul tanpolih | mantri Surabaya | langkung sudirèng rana | lagya winong ing Hyang Widi | jinajayèng prang | marma tanpolih tandhing || |
135.120 | Sang Apanjya Têtêgal lir Partatmaja | duk rinêbut ing jurit | marang wong Ngastina | ingkang para santana | kawan dasa kathahnèki | tumpês sadaya | siji tan ana urip || |
135.121 | kang ambêkta bawat lante lan kandhaga | pêjah ngarsaning gusti | sira Sang Apanjya | Wiranagara Têgal | jajanira akrêp kanin | pating paluncar | niba nulya ngêmasi || |
135.122 | marang gone kalih atus ingkang pêjah | parêk kalawan gusti | wadya Surabaya | samya asêmu waspa | niat kunarpanirèki | Wiranagara | bagus lêgawèng pati || |
135.123 | kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | mundur sawadyanèki | Kumpêni wus rusak | kumêndur ing Samarang | tan pisah lawan ki patih | sabalanira | angungsi marang biting || |
135.124 | kang pangawat têngên wus sumyur sadaya | datan amăngga pulih | akèh kang palastra | kasêbyur jroning toya | Ki Ngabèi Tohjayèki | tumut pangawat | kanan sarowangnèki || |
850–851 dari 1.487