Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 234
851–852 dari 1.487
8.507–8.516 dari 14.865
135.128 | wontên pangungsène kang sami lumaywa | tuwin bala Kumpêni | sasisane pêjah | dening jasad kawula | sampeyan damêl pangarsi | Ki Cakrajaya | langkung tustha ing ati || |
135.129 | amiyarsa ature Panji Tohjaya | nulya bala pasisir | kang sami lumajar | wus samya tinimbalan | kacarita ki apatih | adarbe wadya | wolung dasa kèhnèki || |
135.130 | wayahira sadaya sami taruna | rinayat tur ginajih | nênggih ingaranan | tiyang tarunasura | sami kinulambèn kuning | asikêp watang | mamas sami jininggring || |
135.131 | dening bala kapatihan ingkang kathah | dadya pangawat keri | myang pangawat kanan | Kiyai Sutayuda | ingkang minăngka têtindhih | lan Ekatruna | sami angrêksa biting || |
135.132 | munggèng keri Ki Ngabèi Sutayuda | kanan Ekatrunèki | bala Surabaya | anulya sira prapta | angêlut dhatêng ki patih | umung kang surak | gong bèri asru muni || |
135.133 | galaganjur tinêmbang munya angangkang [18: 68: angang...kang] | barung lan carabali | wadyèng Kartasura | angrês ing manahira | miyarsa gamêlan atri | wong Surabaya | alok sarya bêdhili || |
135.134 | nulya ngrangsang bitinge Ki Cakrajaya | sigra campuh kang jurit | wadya trunasura | tinêmpuh barisira | wong trunasura tan gingsir | rame kang yuda | samya rok silih ukih || |
135.135 | Ki Tohjaya pangamuke kadi yaksa | nèng ngarsane ki patih | bala Surabaya | kang tinarajang bubar | Tumênggung Cakrajayèki | angagêm rotan | nindhihi anèng wuri || |
135.136 | samangsane wong trunasura mêngkaba | ki patih anudingi | ngrotan sarya mojar | hèh bocah trunasura | lah padha wangsula malih | aywa lumajar | ingsun anjaluk kardi || |
135.137 | marang sira sapisan iki kewala | wong trunasura bali | sabên arsa mêngkab | Tumênggung Cakrajaya | kadya punika dènnyangling | wong trunasura | dadya kukuh kang jurit || |
851–852 dari 1.487