Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 234
853–854 dari 1.487
8.523–8.532 dari 14.865
135.144 | karsanira pinêtak ing Surabaya | sasanake kang lalis | datan kênthang-kênthang | binêkta mring jro kitha | Ki Arya Japuspitèki | mundur mring kitha | sawadyanya umiring || |
135.145 | praptèng wisma sigra anabuh gamêlan | munggang pinirsa atri | bala Kartasura | angrês sêngkalanira | lar dadi obahing bumi |[1] kang kawuwusa | Panji Surèngranèki || |
135.146 | sampun budhal wau saking wana Jipang | arsa nukup ing jurit | bala Kartasura | kang abaris Sapanjang | lampahira sampun prapti | ing Surabaya | sawadyanya umiring || |
135.147 | kawarnaa Tumênggung Surawijaya | sampun miyarsa warti | lamun Surèngrana | bala saking ing wana | nulya nusul sawadyèki | praptèng Sapanjang | masanggrahan tumuli || |
135.148 | bala Kartasura asrêp manahira | ingkang sami abaris | anèng ing Sapanjang | antawis tigang dina | wong Surabaya dhatêngi | rame [18: 70] kang yuda | ing wayah madya ratri || |
135.149 | Rănggalawe saking lèr dènnya narajang | Panji Surèngranèki | nêmpuh saking wetan | Apanji Kartayuda | saking kidul andhatêngi | wong Kartasura | lir gabah dèn intêri || |
135.150 | Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | sura pêngkuh ing jurit | wadyabala Jipang | nêngguh rinoban lawan | ingurugan busur lêmbing | pasêr lan panah | binendrongan ing bêdhil || |
135.151 | wadya Jipang akathah ingkang kabranan | wong Bali sami gusis | Ki Surawijaya | datan arsa mundura | binendrongan dening bêdhil | nanging tan pasah | ingurugan jêmparing || |
135.152 | mêksih gègèr Tumênggung Surawijaya | sigra dipun pasêri | kêni jajanira | nênggih bucêk satuma | ingusap karaos sakit | kang kawarnaa | Ki Kartanagarèki || |
135.153 | karsanira atêtulung adilaga | sampun dipun ajangi | mring wong Surabaya | datanpantuk tulunga | dènnya jurit têngah wêngi | kongsi raina | sampun pisah kang jurit || |
853–854 dari 1.487
1 | Tanggal: lar dadi obahing bumi (AJ 1642). Tahun AJ 1642 jatuh antara tanggal Masehi: 5 Desember 1717 sampai dengan 24 November 1718. (kembali) |