Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 234
854–855 dari 1.487
8.539–8.548 dari 14.865
135.160 | lamun arsa mangan anisil kewala | miwah yèn arsa guling | asare anungsang | wus antuk tigang dina | angucap mring ki apatih | Ki Cakrajaya | nagari Surawèsthi || |
135.161 | langkung awrat nênggih pangraos kawula | lami kula don jurit | nagri tanah sabrang | akathah ingkang pêcah | dhatêng kawula ing nguni | tan ngraos wêgah | gèn kawula don jurit || |
135.162 | amung mangke nagara ing Surapringga | kula ebat ningali | yèn tan nglampahana | ayahaning ing jendral | sayêkti kawula bali | datan kaduga | bêdhahing Surawèsthi || |
135.163 | anging mangke ki patih atur kawula | sampun alit kang galih | inggih pintên bara | wontên sihing Hyang Suksma | sarta bêrkating narpati | ing Surabaya | pêcah dene [18: 72] ing mami || |
135.164 | Ki Tumênggung Cakrajaya pirêmbagan | lan punggawa pasisir | prakawis ing tingkah | rewang ngulari papan | para punggawa turnèki | ingkang prayoga | pun adhi Tohjayèki || |
135.165 | kang dadosa têtindhihing wadyabala | ngulari bêras pari | Kyai Cakrajaya | mèsêm alon lingira | emane tan duwe kanthi | adhi Tohjaya | duwea kanthi siji || |
135.166 | yêkti dadi dandanan luwih prayoga | kang si mak lan si adhi | Kyai Citrasoma | matur dhatêng apatya | pun Arya Kudus anênggih | pan darbe sanak | Sirnayuda namèki || |
135.167 | Panêmbahan Makaos kang darbe têdhak | purunipun nglangkungi | yèn mirsèng sanjata | kêdah ngamuk kewala | tan beda kalawan adhi | Dyan Sirnayuda | nulya dipun timbali || |
135.168 | wus kinarya kanthine Kyai Tohjaya | minăngka senapati- | ning wadya anglarag | bala ing Kartasura | sami angsal bêras pari | kang kawarnaa | Pangeran Madurèki || |
135.169 | tinimbalan marang nagri Surabaya | dening rêkya apatih | nanging ing Madura | lagya amanggih karya | aprang lan mantunirèki | Arya Dikara | Pamêkasan nagari || |
854–855 dari 1.487