Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 234
855–856 dari 1.487
8.544–8.553 dari 14.865
135.165 | kang dadosa têtindhihing wadyabala | ngulari bêras pari | Kyai Cakrajaya | mèsêm alon lingira | emane tan duwe kanthi | adhi Tohjaya | duwea kanthi siji || |
135.166 | yêkti dadi dandanan luwih prayoga | kang si mak lan si adhi | Kyai Citrasoma | matur dhatêng apatya | pun Arya Kudus anênggih | pan darbe sanak | Sirnayuda namèki || |
135.167 | Panêmbahan Makaos kang darbe têdhak | purunipun nglangkungi | yèn mirsèng sanjata | kêdah ngamuk kewala | tan beda kalawan adhi | Dyan Sirnayuda | nulya dipun timbali || |
135.168 | wus kinarya kanthine Kyai Tohjaya | minăngka senapati- | ning wadya anglarag | bala ing Kartasura | sami angsal bêras pari | kang kawarnaa | Pangeran Madurèki || |
135.169 | tinimbalan marang nagri Surabaya | dening rêkya apatih | nanging ing Madura | lagya amanggih karya | aprang lan mantunirèki | Arya Dikara | Pamêkasan nagari || |
135.170 | marmaning prang garwane Arya Dikara | purik dipun kukuhi | marang ingkang rama | Pangeran Cakraningrat | marmanira dadya jurit | pan long-linongan | wong ing Sampang kalindhih || |
135.171 | dening bala Pamêkasan wong ing Sampang | akathah kang ambalik | milya Radèn Arya | Dikara duk samana [18: 73: sama...na] | pangeran kewran ing galih | dyan arinira | Ki Arya Senapati || |
135.172 | Radèn Suradiningrat kinèn maguta | ngirid sagung prajurit | budhal saking kitha | sapraptanirèng rana | rahadyan amalih kapti | supe ing kadang | dènira rêbut singgih || |
135.173 | kait lawan Jangkewuh mantri panuwa | sigra utusan aglis | marang Surabaya | atur wêwadulira | yèn kang raka tuhu balik | duta wus prapta | cundhuk lawan apatih || |
135.174 | sampun matur saaturira Rahadyan | Suradiningrat nênggih | lamun ingkang raka | mangkya sêdya abăngga | kait lan wong Surawèsthi | yèn wontên karsa | kawula ananggupi || |
855–856 dari 1.487