Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
136 dari 234
869–870 dari 1.487
8.684–8.693 dari 14.865
136.098 | kumêndur Gobyo lampahnya | sampun prapta Kaputran sawadyèki | wong Surabaya amêthuk | rame campuh ing yuda | wadyèng Surabaya prange ngundur-undur | amapan ing Wanakrama | Kumêndur agêng tyasnèki || |
136.099 | ing Kaputran wus kancikan | panyanane wong Surabaya kanji | Kumêndur sigra dènnyanglud | dhatêng ing Wanakrama | wadyèng Surabaya arêrangkah sampun | wadya Kumpêni glis prapta | wong Surabaya mêdali || |
136.100 | sira Panji Kartayuda | Panji Surèngrana samya nindhihi | kang raka jênêngi pungkur | sigra campuh kang yuda | Panji Surèngrana pangamuke liwung | miwah Panji Kartayuda | lwir andaka tawan kanin || |
136.101 | bala ing Nusakambangan | Murah Panji Balèlèng anguruni | amung bala kalih atus | milwa mamuk manêngah | wong Kumpêni tan kandhêg pangêdrèlipun | pêtêng kukusing sundawa | wong Surabaya nusupi || |
136.102 | akuwêl dènira yuda | wadyabala Kumpêni kèh ngêmasi | sabragada ingkang lampus | wong Jawa wus lumajar | wong Kumpêni lêlumbungan unduripun | sira Panji Surèngrana | Panji Kartayuda ngungsir || |
136.103 | kumêndur Gobyo tandangnya | mobat-mabit ngatag bala Kumpêni | prasamya ingajak ngamuk | nanging [19: 17] tan polih papan | tansah gêrêng-gêrêng sira sang Kumêndur | watêk wong sampun lumajar | akiwul-kiwul tanpolih || |
136.104 | para mantri kang malaywa | praptèng kuwunira rêkyana patih | pan kampita tyasirèku | sigra dènira undhang | asayaga bêndhe tinitih angungkung | budhal têtulung ing yuda | pangran Madura nindhihi || |
136.105 | lampahira sigra-sigra | wus kapêthuk marang bala Kumpêni | apan maksih dèn bêbujung | dene wong Surabaya | wadya Sampang sadaya sarêng anêmpuh | rame dènira ayuda | uwal kang bala Kumpêni || |
136.106 | wadya Madura prangira | mundur sarwi ngrêksa bala Kumpêni | wong Surayaya[1] mêksanglud | nanging para dipatya | myang Kumpêni wuri sangsayakèh rawuh | wadyalit ing Surabaya | mundur mring Wanakramèki || |
136.107 | pan kacatur tigang wulan | anèng Wanakrama Japuspitèki | kèndêl tan pagut-pinagut | eca gènnya kasukan | pan apajêg barise wong Surèngkewuh | wadyalit ing Surabaya | tan ana têluk sawiji || |
869–870 dari 1.487
1 | Surabaya. (kembali) |