Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
136 dari 234
869–870 dari 1.487
8.690–8.699 dari 14.865
136.104 | para mantri kang malaywa | praptèng kuwunira rêkyana patih | pan kampita tyasirèku | sigra dènira undhang | asayaga bêndhe tinitih angungkung | budhal têtulung ing yuda | pangran Madura nindhihi || |
136.105 | lampahira sigra-sigra | wus kapêthuk marang bala Kumpêni | apan maksih dèn bêbujung | dene wong Surabaya | wadya Sampang sadaya sarêng anêmpuh | rame dènira ayuda | uwal kang bala Kumpêni || |
136.106 | wadya Madura prangira | mundur sarwi ngrêksa bala Kumpêni | wong Surayaya[1] mêksanglud | nanging para dipatya | myang Kumpêni wuri sangsayakèh rawuh | wadyalit ing Surabaya | mundur mring Wanakramèki || |
136.107 | pan kacatur tigang wulan | anèng Wanakrama Japuspitèki | kèndêl tan pagut-pinagut | eca gènnya kasukan | pan apajêg barise wong Surèngkewuh | wadyalit ing Surabaya | tan ana têluk sawiji || |
136.108 | duk kinêpung anèng kitha | pitung wulan lamine sang dipati | wong pasisir sami tugur | miwah wong Kartasura | tuwin bala Kumpêni prasamya tugur | pan maksih ayun-ayunan | kawarnaa sri bupati || |
136.109 | apan sampun amiyarsa | lamun wadya punggawa kang ajurit | sakalangkung risakipun | kasoran ing ayuda | kang wadyalit akathah longe kang lampus | tuwin punggawa kang pêjah [19: 18] | samana ingkang tinuding || |
136.110 | abantu mring Surabaya | sakathahe pamajêgan kinêrig | wong Banyumas lan Matarum | Pamardèn lan ing Roma | Dêmang Jayawinata têtindhihipun | lan Dêmang Sasrarudita | wus budhal sagunging baris || |
136.111 | tan winarna lampahira | duk ing marga wus praptèng Surawèsthi | wus panggih lan Ki Tumênggung | Cakrajaya myang Amral | wus pinarnah kuwu sabitinganipun | gantya ingkang kawuwusa | prajurit saking ing Bali || |
136.112 | kang sraya Pangeran Sampang | ingkang pêjah ing kapal mangkya prapti | apêparab Dewa Kêtut | sèwu prajuritira | praptèng kitha ing Tunjung ingkang jinujug | miyarsa yèn pangran pêjah | anèng kapal kang nyuruhi || |
136.113 | langkung pangunguning driya | Dewa Kêtut akèn ambêbahaki | wadya Madura ginêmpur | gègère apuyêngan | akèh nusul mring nagari Surèngkewuh | atur uningèng pangeran | yèn wontên mungsuh dhatêngi || |
869–870 dari 1.487
1 | Surabaya. (kembali) |