Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
136 dari 234
870–871 dari 1.487
8.694–8.703 dari 14.865
136.108 | duk kinêpung anèng kitha | pitung wulan lamine sang dipati | wong pasisir sami tugur | miwah wong Kartasura | tuwin bala Kumpêni prasamya tugur | pan maksih ayun-ayunan | kawarnaa sri bupati || |
136.109 | apan sampun amiyarsa | lamun wadya punggawa kang ajurit | sakalangkung risakipun | kasoran ing ayuda | kang wadyalit akathah longe kang lampus | tuwin punggawa kang pêjah [19: 18] | samana ingkang tinuding || |
136.110 | abantu mring Surabaya | sakathahe pamajêgan kinêrig | wong Banyumas lan Matarum | Pamardèn lan ing Roma | Dêmang Jayawinata têtindhihipun | lan Dêmang Sasrarudita | wus budhal sagunging baris || |
136.111 | tan winarna lampahira | duk ing marga wus praptèng Surawèsthi | wus panggih lan Ki Tumênggung | Cakrajaya myang Amral | wus pinarnah kuwu sabitinganipun | gantya ingkang kawuwusa | prajurit saking ing Bali || |
136.112 | kang sraya Pangeran Sampang | ingkang pêjah ing kapal mangkya prapti | apêparab Dewa Kêtut | sèwu prajuritira | praptèng kitha ing Tunjung ingkang jinujug | miyarsa yèn pangran pêjah | anèng kapal kang nyuruhi || |
136.113 | langkung pangunguning driya | Dewa Kêtut akèn ambêbahaki | wadya Madura ginêmpur | gègère apuyêngan | akèh nusul mring nagari Surèngkewuh | atur uningèng pangeran | yèn wontên mungsuh dhatêngi || |
136.114 | wadya ing Nusakambangan | Dewa Kat sèwu sikêp ing jurit |[1] Pangeran Madura gupuh | atur wruh ing apatya | miwah Amral angandika Ki Tumênggung | Cakrajaya mring pangeran | dika ulihi pribadi || |
136.115 | pangeran alon turira | pan punika ènthèng kapanggyèng wuri | kang kawrat samya rinêbut | mêngsah ing Surabaya | dene ing Madura kapanggih ing pungkur | ari kawula kewala | pun Cakranagara nênggih || |
136.116 | kawula utus mantuka | anggitika mêngsah kang saking Bali | angandika ki tumênggung [19: 19: tu...mênggung] | inggih karsa andika | sigra budhal Radèn Cakranagarèku | ngirid prajurit sanambang | sampun numpak ing jaladri || |
136.117 | ya ta wau kawarnaa | Amral Britman asêksi mring apatih | ing solahira Kumêndur | dènira băndayuda | pangadune ing wadya Kumpêni iku | ambuta tuli kewala | karya risaking wadyalit || |
870–871 dari 1.487
1 | Kurang satu suku kata: Dewa Kêtut sèwu sikêp ing jurit. (kembali) |