Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
136 dari 234
871–872 dari 1.487
8.706–8.715 dari 14.865
136.120 | sagunging rad pan indiya | abicara nupiksa punang tulis | sigra katur suratipun | marang gurnadur jendral | tinarima siramral saaturipun | kumêndur gya tinimbalan | Parlos marang ing Batawi || |
136.121 | wau kang gantya kawarna | Radèn Jimat ing Madura wus prapti | wus acundhuk lawan mungsuh | rame campuhing yuda | Radèn Jimat kalangkung sudiranipun | wong Bali kathah kang pêjah | saksana ingipuk aglis || |
136.122 | kalangkung ingêla-êla | Radèn Cakranagara mring wong Bali | dadya supe kadang sêpuh | ingadêgkên dipatya | Radèn Cakranagara wus ajêjuluk | Cakraningrat ing Madura | pan sampun [19: 20: sa...mpun] agêng kang baris || |
136.123 | kang dadya manggalaning prang | Radèn Sewanagara kang wêwangi | wong Madura sami suyud | wus katur ing Pangeran | Cakraningrat ingkang anèng Surèngkewuh | langkung wagugên ing driya | sigra dènnya kang upêksi || |
136.124 | mring Tumênggung Cakrajaya | tuwin marang Amral sinung upêksi | ywan arinira puniku | Radèn Cakranagara | mangke băngga kait lawan Dewa Kêtut | wus jumênêng Cakraningrat | ing Madura dèn linggihi || |
136.125 | Ki Tumênggung Cakrajaya | dadya pikir lan sagung pra dipati | tuwin Amral karsanipun | aywa keron ing yuda | salah siji rumata nulya ginêpuk | Ki Tumênggung Cakrajaya | ngundhangi sagung dipati || |
136.126 | tanapi Amral Baritman | angundhangi sagung wadya Kumpêni | Mayor Gustap kang tinuduh | gitik ing Wanakrama | ngirid bala Kumpêni rong brêgada wus | budhal saking pasanggrahan | lan sagung para dipati || |
136.127 | pasisir milya sadaya | amung kantun Amral lan kyana patih | kang wadya Kumpêni kêbut | miwah sagung punggawa | kang gêgaman tinon lir ardi katunu | kadya bêlah kang pratala | kambah ing wadya lumaris || |
136.128 | tan kawarna solahira | praptèng Wanakrama sagunging baris | wong Surabaya andulu | yèn mêngsahira prapta | sigra nêmbang têngara gong bèri umung | Dipati Jayapuspita | amiyosi ing ajurit || |
136.129 | kumrab wadyèng Surabaya | Panji Surèngrana nindhihi ngarsi | myang Panji Kartayudèku [19: 21: Kartayu...dèku] | sigra campuh kang yuda | Mayor Gustap ngabani Kumpêninipun | wadya Kumpêni kotbuta | pangêdrèle wanti-wanti || |
871–872 dari 1.487