Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
136 dari 234
872 dari 1.487
8.711–8.720 dari 14.865
136.125 | Ki Tumênggung Cakrajaya | dadya pikir lan sagung pra dipati | tuwin Amral karsanipun | aywa keron ing yuda | salah siji rumata nulya ginêpuk | Ki Tumênggung Cakrajaya | ngundhangi sagung dipati || |
136.126 | tanapi Amral Baritman | angundhangi sagung wadya Kumpêni | Mayor Gustap kang tinuduh | gitik ing Wanakrama | ngirid bala Kumpêni rong brêgada wus | budhal saking pasanggrahan | lan sagung para dipati || |
136.127 | pasisir milya sadaya | amung kantun Amral lan kyana patih | kang wadya Kumpêni kêbut | miwah sagung punggawa | kang gêgaman tinon lir ardi katunu | kadya bêlah kang pratala | kambah ing wadya lumaris || |
136.128 | tan kawarna solahira | praptèng Wanakrama sagunging baris | wong Surabaya andulu | yèn mêngsahira prapta | sigra nêmbang têngara gong bèri umung | Dipati Jayapuspita | amiyosi ing ajurit || |
136.129 | kumrab wadyèng Surabaya | Panji Surèngrana nindhihi ngarsi | myang Panji Kartayudèku [19: 21: Kartayu...dèku] | sigra campuh kang yuda | Mayor Gustap ngabani Kumpêninipun | wadya Kumpêni kotbuta | pangêdrèle wanti-wanti || |
136.130 | sampun karsaning Hyang Suksma | wadyèng Surabaya apês ing jurit | dènyamor prajurit wangsul | dadya apês ing yuda | sira Panji Surèngrana sigra ngamuk | myang Apanji Kartayuda | mamuk lan sawadyanèki || |
136.131 | myang para mantri sadaya | sarêng nêmpuh Kumpêni anadhahi | sanjata lwir gêlap sèwu | barung kalawan surak | wadyèng Surabaya akathah kang lampus | Dipati Jayapuspita | jênêngi nèng luhur biting || |
136.132 | mundur anrêgakên wadya | para mantri nêngah sawadyanèki | lwir danawa tandangipun | rusak kang katarajang | wong pasisir para mantri sarêng ngamuk | sira Apanji Tohjaya | ngamuk lir andaka kanin || |
136.133 | lawan Radèn Sirnayuda | pangamuke kang katrajang kèh mati | Răngga Wanèngpati lampus | andêling Surabaya | Dêmang Ngêbês Răngga Surèngpati lampus | Ki Sindubaya palastra | Dêmang Sêcapura kanin || |
136.134 | sira Panji Surèngrana | wadyèng Nusakambangan dèn tindhihi | pangamukira aliwung | rusak kang katarajang | samya kurah rudira prajurit wangsul | ramening prang long-linongan | pêksi sarkara nambêri || |
872 dari 1.487