Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
136–137 dari 234
872–873 dari 1.487
8.720–8.729 dari 14.865
136.134 | sira Panji Surèngrana | wadyèng Nusakambangan dèn tindhihi | pangamukira aliwung | rusak kang katarajang | samya kurah rudira prajurit wangsul | ramening prang long-linongan | pêksi sarkara nambêri || |
137. Dhandhanggula | |
137.001 | Sang Dipati Jayapuspita glis | nyandhak watang pan arsa ngamuka | pinarbutan ing mantrine | samya ngaturi mundur | dhuh gustiku sang adipati | ing benjing ngawakana | yèn wadya wus lêbur | yèn suwawi ingunduran [19: 22: ingu...nduran] | angupados papan kang pakèwêd malih | dhatêng nagari Japan || |
137.002 | maksih sompok ing Wanakramèki | cêlak praja suwawi ing Japan | punika sae papane | kang lèpèn agêng ngêpung | dadya angsal aso kang dasih | Apanji Surèngrana | rêmbug aturipun | dadya kondur sang dipatya | pan lon-lonan Kumpêni anglud bêdhili | nanging wong Surabaya || |
137.003 | anadhahi pan sarwi lumaris | lamun bala Kumpêni amêlak | wadyèng Surabaya nolèh | ngantêp ing yuda mamuk | dadya bênggang wadya Kumpêni | bêdhil saking kadohan | praptèng bitingipun | Dipati Jayapuspita | saha wadya sampun lumêbêt ing biting | Kumpêni pangludira || |
137.004 | samya kèndêl sajawining biting | wong Surabaya wus ingundhangan | adandana sarayate | ya ta kasapwèng dalu | abusêkan sajroning biting | ing ari kawarnaa | wadya Surèngkewuh | budhal saking Wanakrama | saha swami suta lir praja angalih | rêrepot munggèng ngarsa || |
137.005 | gêndhing sayang pandhe datan kari | sira Dipati Jayapuspita | munggèng ing wuri lampahe | prajurit pitung èwu | cinarita maksih angiring | wadya Kumpêni ngulat | yèn mungsuh wus kêbut | bitinge wus linêbonan | nanging bala Kumpêni tan ana ngusir | ngêbroki pabitingan || |
137.006 | lampahipun wau Sang Dipati | Jayapuspita wus praptèng Japan | akêkuwu sawadyane | wadya Kumpêni mundur [19: 23] | marang kitha ing Surawèsthi | andadosakên rêmbag | Madura ginêpuk | Ki Tumênggung Cakrajaya | wus amatah punggawa ingkang nindhihi | anggitik ing Madura || |
137.007 | Mayor Gustap kang tinuding malih | dening Amral lan Kapitan Tonar | lawan Kapitan Bongsinge | Pangeran Madurèku | dènnya budhal wus andhingini | anumpêk ing samodra | Kumpêni nèng pungkur | sabragada kang binêkta | Ki Tumênggung Cakrajaya wus anuding | atur wikan narendra || |
137.008 | ya ta wau kawarnaa malih | Kyai Tumênggung Kartanagara | aso Samarang lamine | sampun ngandikan mantuk | marang Kartasura wus prapti | katur ing sri narendra | lamun bala rêmpu | langkung saking risakira | langkung dene angungun sri narapati | gantya kang kawursita || |
137.009 | dutanira ki tumênggung prapti | Kartasura katur ing sang nata | sêrat wus tinupiksage | duta tinulak sampun | aturira wus dèn angsuli | gya mêsat saking praja | nahan kang winuwus | ingkang ngrabasèng Madura | Mayor Gustap lan sagung wadyèng pasisir | wus campuh punang yuda || |
872–873 dari 1.487