Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
136 dari 234
859–860 dari 1.487
8.589–8.598 dari 14.865
136.003 sigra Pangeran Madura | pan tinuduh munggèng pangawat keri | Tuban Garêsik Sidayu | kang dadya kanthinira | anadene wadya pasisir sadarum | dadya panêngên sadaya | dene kang wadya Kumpêni ||
136.004 tan owah kalawan saban | munggwing dhadha ing wuri kyana patih | budhal kang wadya gumuruh | tingkês jagang ing ngarsa | sira Amral Baritman lawan Kumêndur | Gobyo manitihi wadya | gêgaman lir parwatagni ||
136.005 Dipati Jayapuspita | wus miyarsa mungsuh yèn andhatêngi | sigra atêngara umung | wong Surabaya kumrab | pan anggrêgut tandangira dulu mungsuh | wau ta rêkyana patya | kalawan bala Kumpêni ||
136.006 wus acêlak lawan kitha | samya kèndêl kang wadya tata biting | prasamya amasang ulur | mriyêm sampun pinarnah | ing palatar ulur baluwartinipun | wadyèng pasisir sadaya | prasamya amasang biting ||
136.007 wadyèng Surabaya miyat | lamun mêngsahira angangsêg biting | prasamya minggah ing luhur | amasang mriyêmira | lela kalantaka anakan lan êbum | saksana campuh kang yuda | arame bêdhil-binêdhil ||
136.008 ngabên sanjata kewala | kang mariyêm munggèng ing baluwarti | swaranya lir parbata rug | surak mangambal-ambal | Ki Dipati Jayapuspita winuwus | minggah [18: 79] marang pêpanggungan | kodhokngorèke tan kari ||
136.009 angangkang nèng pêpanggungan | Amral miyat solahe ki dipati | anggoyang kapalanipun | sigra ingarah-arah | kinon nyipat ing mariyêm panggungipun | sinusungan ing gurnada | nanging tibane atêbih ||
136.010 binendrong panggung ingarah | wadyèng Surabaya malês ambêdhil | ramya kadya gêlap sèwu | kacatur pitung dina | dènira prang mariyêm ing siyang dalu | padhang wismèng Surabaya | ingurugan gutuk api ||
136.011 nanging wadyèng Surabaya | datan wontên ingkang miris ing galih | kang têngga bêbitingipun | eca angura-ura | kang anggambang arêbab myang kang nyalêmpung | ing wanci pukul sawêlas | wong wadone sami ngirim ||
136.012 mring lakine kang atêngga | pabitingan Kumpêni aningali | pinasang mariyêmipun | wong wadon kèh sinipat | tan akandhêg eca-eca gendhong sumbul | lumaksanèng pabitingan | Kumpêni eram ningali ||
859–860 dari 1.487