Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
137 dari 234
876–877 dari 1.487
8.760–8.769 dari 14.865
137.040 | Wiradirja uwus dèn bisiki | mêsat saking ngarsane pangeran | datan kawarna solahe | ing Kiping sampun rawuh | panggih lawan Kartayudèki | caraka wus tinulak | langkung sukanipun | sira Dêmang Kartayuda | angundhangi marang sagunging prajurit | amêthuk lampahira || |
137.041 | mring Pandonan arsa amondhongi | sira Pangeran Dipanagara | wus samêkta prajurite | warnanên lampahipun | Arya Wiradirja wus prapti | wus cundhuk lan Pangeran | Dipanagarèku | katur ing sasolahira | jêng pangeran samana wus angundhangi | mring sagung wadyanira || |
137.042 | duk samana ingkang dèn tindhihi | bala Kartasura Gowong Kalang | miwah wong desa sakèhe | pangeran ngandikarum | mring sakèhe kang para mantri | hèh kabèh dasih ingwang | kang trêsna maringsun | ing besuk sira nusula | aywa umung ing mangkya nunggala maksih | lan baris Kartasura || |
137.043 | yèn bubar aywa pisah atêbih | besuk pisaha yèn wus antara | saratri lah dipun age | dene pra garwaningsun | dèn tilara sajroning biting | wau kang kawuwusa | wadya Surèngkewuh | sira Dêmang Kartayuda | saha bala prapta bêndhene tinitir | atri umung kang surak || |
137.044 | apuyêngan bala jroning biting | wong Kartasura samya siyaga | Pangran Dipanagarage | mêdal jawining pintu | asru dènnya ngundhangi baris | hèh batur aywa obah [19: 31: o...bah] | ingsun arsa wêruh | apa rupane kang mêngsah | sigra nitih turăngga pangeran aglis | lan sapta lan parpatan || |
137.045 | kuda mamprung pangeran glis prapti | cundhuk lawan Dêmang Kartayuda | wadya ingkang wuri gègèr | sigra Pangran Madiun | kang tinuduh ngrabasèng biting | mring Dêmang Kartayuda | sigra dènya nêmpuh | amrêpêki pabitingan | wadyèng Kartasura lumayu awingwrin | katunjang asasaran || |
137.046 | sampun kêbut sakathahing baris | amung kantun para garwanira | Pangran Dipanagarane | wus pinondhongan wau | dening wadyèng măncanagari | Pangran Dipanagara | dènira apunggung | lawan Dêmang Kartayuda | eca bawarasa pan sarwi lumaris | datan kawarnèng marga || |
137.047 | jroning kitha Madiun wus prapti | Dêmang Kartayuda wus amatah | kang têngga pabitingane | miwah kang dadya cucuk | maksih pajêg dènira baris | prajurit Surabaya | anèng Kalimungkung | kang ngungsir wong Kartasura | samya wangsul maring lèpèn Mungkung malih | atata barisira || |
137.048 | têtindhihe ran Kêbokikili | lawan sira Răngga Macanlola | pan mantri andêl kalihe | warnanên lampahipun | pangran lawan Kartayudèki | lajêng pan sampun prapta | ing Kartasurèku | sagunging măncanagara | pan tinilar ing Madiun anênggani | ing garwane pangeran || |
137.049 | sigra lajêng praptaning Kadhiri | Dêmang Kartayuda gya utusan | atur uningèng kakange | mêsat kang dinuta wus | garawalan [19: 32: gara...walan] pan sampun prapti | ing Japan wus apanggya | duta nêmbah matur | wus katur sasolahira | sira Jayapuspita suka ing galih | sigra ngundhangi wadya || |
876–877 dari 1.487