Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
137 dari 234
873–874 dari 1.487
8.724–8.733 dari 14.865
137.004 samya kèndêl sajawining biting | wong Surabaya wus ingundhangan | adandana sarayate | ya ta kasapwèng dalu | abusêkan sajroning biting | ing ari kawarnaa | wadya Surèngkewuh | budhal saking Wanakrama | saha swami suta lir praja angalih | rêrepot munggèng ngarsa ||
137.005 gêndhing sayang pandhe datan kari | sira Dipati Jayapuspita | munggèng ing wuri lampahe | prajurit pitung èwu | cinarita maksih angiring | wadya Kumpêni ngulat | yèn mungsuh wus kêbut | bitinge wus linêbonan | nanging bala Kumpêni tan ana ngusir | ngêbroki pabitingan ||
137.006 lampahipun wau Sang Dipati | Jayapuspita wus praptèng Japan | akêkuwu sawadyane | wadya Kumpêni mundur [19: 23] | marang kitha ing Surawèsthi | andadosakên rêmbag | Madura ginêpuk | Ki Tumênggung Cakrajaya | wus amatah punggawa ingkang nindhihi | anggitik ing Madura ||
137.007 Mayor Gustap kang tinuding malih | dening Amral lan Kapitan Tonar | lawan Kapitan Bongsinge | Pangeran Madurèku | dènnya budhal wus andhingini | anumpêk ing samodra | Kumpêni nèng pungkur | sabragada kang binêkta | Ki Tumênggung Cakrajaya wus anuding | atur wikan narendra ||
137.008 ya ta wau kawarnaa malih | Kyai Tumênggung Kartanagara | aso Samarang lamine | sampun ngandikan mantuk | marang Kartasura wus prapti | katur ing sri narendra | lamun bala rêmpu | langkung saking risakira | langkung dene angungun sri narapati | gantya kang kawursita ||
137.009 dutanira ki tumênggung prapti | Kartasura katur ing sang nata | sêrat wus tinupiksage | duta tinulak sampun | aturira wus dèn angsuli | gya mêsat saking praja | nahan kang winuwus | ingkang ngrabasèng Madura | Mayor Gustap lan sagung wadyèng pasisir | wus campuh punang yuda ||
137.010 anèng Malaya rame kang jurit | Dewa Kêtut lan sawadyanira | langkung sura ing yudane | Kumpêni kathah lampus | nanging wuri akathah prapti | binendrong ing sanjata | dadya mêngsah kondur | Rahadèn Cakranagara | marang kitha Tunjungan sêdyanirèki | amêmpên jroning kitha ||
137.011 Pangran Cakraningrat sigra prapti | lan Kumpêni wus angêpung kitha | ing alun-alun barise [19: 24] | wau Sang Dewa Kêtut | wong Kumpêni ramya bêdhili | tuwin bala Madura | sarêng dènnya nêmpuh | wadyanira Cakraningrat | Dewa Kêtut sabalanira nadhahi | langkung sudirèng laga ||
137.012 wong Madura akèh kang ngêmasi | sakarine kang pêjah lumaywa | samya ngungsi ing wurine | wadya Kumpêni magut | ingkang wuri sayakèh prapti | pangêdrèlnya lir gêlap | sakêthi abarung | rusak wong Nusakambangan | Dewa Kêtut pangamukira angukih | galak lir singalodra ||
137.013 bala Kumpêni kathah ngêmasi | Mayor Gustap angabani bala | ing wuri umangsah kabèh | myang wong pasisir grêgut | saking kanan kering nungkêbi | apan karoban lawan | sira Dewa Kêtut | myang Radèn Cakranagara | pan anggêgêr wadyanira akèh mati | kang kari wus lumaywa ||
873–874 dari 1.487