Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
137 dari 234
879–880 dari 1.487
8.785–8.794 dari 14.865
137.065 | Pangran Dipanagara ing mangkin | sêdya băngga wus umadêg nata | ing Madiun kadhatone | sigra utusan sampun | tur uninga ing rama aji | caraka sampun prapta | Kartasura cundhuk | sêrat katur ing narendra | tinupiksa kampitèng tyas sri bupati | nêhêr apêparentah || |
137.066 | wadya gêdhong tinuduh sapalih | ambantoni Pangeran Balitar | sigra lumampah barise | timbalane sang prabu | ingkang putra kinèn ngangsêgi | ngancika Pranaraga | mangkana wus rawuh | bantu saking Kartasura | wadya gêdhong caranira angêngirid | wus cundhuk lan pangeran || |
137.067 | wus kadriya timbalan narpati | sigra wau Pangeran Balitar | angundhangi prajurite | kinon sayaga sampun | budhal saking Tirisan aglis | panganjuring ayuda | Ki Garwakandhèku | kalawan Sêcadirana | Kartabasa kalawan Panji Tohpati | sira Pangran Balitar || |
137.068 | mingêr angalèr barisirèki | praptèng Godhêg sira Garwakăndha | miwah Sêcadiranane | myang Kartabasa wau | katri lawan Panji Tohpati | sira Pangran Balitar | Pranaraga rawuh | Panêmbahan Hèrucakra | wus miyarsa yèn ingkang rayi marpêki | budhal saking nagara [19: 36] || |
137.069 | arsa mêthuk yudane kang rayi | sira Dipati Sasranagara | ingkang dadya panganjure | kalawan Gusti Agung | pan paduka punggawèng Bali | sira jêng panêmbahan | nindhihi ing pungkur | datan kawarna ing marga | sigra prapta ing Godhêg campuh ing jurit | lawan wong Kartasura || |
137.070 | Garwakăndha ingkang anindhihi | wadya kaparak wong Kablitaran | sira Sêcadiranane | ramya ing yudanipun | sarêng dènnya bêdhil-binêdhil | samya wong warêg dana | tan ana kang mundur | Dipati Sasranagara | angabani ing bala sarêng angukih | pêngkuh wong Kartasura || |
137.071 | wong Kablitaran angantêp jurit | gulanggulang lan wong samaputra | miwah wong tanuastrane | myang wong jagasurèku | samya ngantêp ing yuda ngukih[1] | miwah wadya kaparak | tan anêdya mundur | arukêt dènira yuda | long-linongan aramya rok silih ukih | sira Pangran Balitar || |
137.072 | anjênêngi munggèng wuri têbih | tuwin Panêmbahan Hèrucakra | anjênêngi ing wadyane | nanging kalingan dhusun | asmu merang mulat ing ari | amung wong Surabaya | lan prajurit wangsul | miwah wong măncanagara | kang dèn adu sagunging para bupati | samya ngawaki yuda || |
137.073 | Ki Dipati Sasranagarèki | mangsah manêngah sawadyanira | anitih maêsa bule | kinapan abra murub | panandêre kadya turanggi | binendrong ing sanjata | eca anggêgambul | anêmpuh ing Garwakăndha | wadyèng Surabaya [19: 37: Su...rabaya] pangamuke ngukih | wadya kaparak tadhah || |
137.074 | wong Kablitaran sigra nulungi | Sêcadirana myang Kartabasa | miwah Panji Tohpatine | wong Surabaya liwung | rowang mungsuh kathah ngêmasi | Garwakăndha wongira | akathah kang lampus | santanane kawan dasa | mantri gêdhong alap-alap angêmasi | sigra Ki Garwakăndha || |
879–880 dari 1.487
1 | ngungkih (dan di tempat lain). (kembali) |