Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
137 dari 234
880–881 dari 1.487
8.794–8.803 dari 14.865
137.074 | wong Kablitaran sigra nulungi | Sêcadirana myang Kartabasa | miwah Panji Tohpatine | wong Surabaya liwung | rowang mungsuh kathah ngêmasi | Garwakăndha wongira | akathah kang lampus | santanane kawan dasa | mantri gêdhong alap-alap angêmasi | sigra Ki Garwakăndha || |
137.075 | angatag marang kang para mantri | wadya kaparak sarêng umangsah | miwah wong Kablitarane | sarêng dènira nêmpuh | wadyèng Surabayakèh mati | sapih kang punang yuda | kasaput ing dalu | lan sarêng mundur kalihnya | Panêmbahan Hèrucakra wangsul malih | mring Madiun nagara || |
137.076 | wadyèng Kartasura apan maksih | anèng Godhêg pajêg barisira | nging Pangeran Balitare | sawadyanira mundur | marang kitha ing Pranaragi | amung panganjuring prang | anèng Godhêg tugur | kunêng gantya kawuwusa | sri narendra samana grah angranuhi | kang putra tinimbalan || |
114. Ingkang Sinuhun Pakubuwana I seda dipun gêntosi putra Pangeran Adipati Mangkunagara | |
137.077 | Pangran Dipati Balitar aglis | budhal saking nagri Pranaraga | lan wadya sêliran bae | ingkang binêkta mantuk | duta nata awanti-wanti | ingenggalakên lampah | tan kawarnèng ênu | Pangeran Balitar prapta | Kartasura lajêng tumamèng jro puri | wus cundhuk lan narendra || |
137.078 | gêrahira saya anglayadi | apan sampun [19: 38: sa...mpun] karsaning Hyang Suksma | sang nata nimbali age | mring Kapitan Jaswèku | kang ajaga Kartasurèki | wus praptèng ngarsa nata | pinaringan sampun | surat buk kinèn nglajêngna | mring Batawi karsanya sri narapati | benjing sapungkurira || |
137.079 | kang rinilan gumantyèng narpati | putranira têtiga punika | inggih salah satunggile | dhingin putra kang sêpuh | ingkang sami mijil sing padmi | Pangeran Adipatya | Mangkunagarèku | yèn punika tan wontêna | kang panênggak Dipati Purubayèki | linilan madêg nata || |
137.080 | yèn tan wontên kang putra kêkalih | kang waruju pan samya rinilan | Adipati Balitare | yèn wontên katrinipun | yêkti ingkang sêpuh pribadi | Pangeran Adipatya | Mangkunagarèku | kang nawala wus tinampan | Jaswa mêdal sapraptanira ing jawi | wus mêsat dutanira || |
137.081 | ya ta wau kangjêng sri bupati | animbali ing para arinya | Pangran Arya Matarame | Arya Panularipun | kalih praptèng ngarsa rakaji | sang nataris ngandika | karone riningsun | manira iki kayana | karsane Hyang ing sapungkur ingsun yayi | prakara putranira || |
137.082 | ingsun titip marang sira yayi | putranira benjing Ki Dipatya | Anom Mangkunagarane | yogya gumanti ringsun | yèn tan ana ki adipati | kang tuwa sutanira | karone puniku | Ki Adipati Purbaya | Ki Dipati Balitar karo pan sami | măngsa bodhoa sira || |
137.083 | ingkang putra samya [19: 39] dèn timbali | pêpak munggèng dagane kang rama | miwah kang pramèswarine | myang wong sadalêm agung | nulya mapan sri narapati | tangis umyung gumêrah | miwah Kangjêng Ratu | Kancana sumungkêm pada | para putra karuna samya nungkêmi | ing padane kang rama || |
880–881 dari 1.487