Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
137 dari 234
881–882 dari 1.487
8.805–8.814 dari 14.865
137.085 | gumêr tangising wong jroning puri | garwa sêlir manggung para lurah | amlasasih sêsambate | dyan siniraman gupuh | ki pangulu wus dèn timbali | sakêtib modinira | pêpak nèng kadhatun | kang layon sampun kinapan | sinalatkên ing sagunging para mukmin | ri sampuning mangkana || |
137.086 | duk jênênge limawêlas warsi | ingkang layon binêktèng Mataram | sinarèkkên Magirine | mangkana kang anglurug | Garwakăndha wus dèn timbali | wadya gêdhong kaparak | sarêng dènnya mantuk | mung kang nèng ing Surabaya | Ki Tumênggung Cakrajaya ingkang maksih | tugur sawadyanira || |
137.087 | Adipati Mangkunagarèki | putra ingkang ngêbroki ing pura | mangkana dina Somane | punggawa sowan pênuh | kang santana kang para mantri | Ngabèi Sinangarya | răngga lawan dêmung | kinêrig sagung pradikan | sakathahe ngulama kang para kaji | miwah [19: 40: mi...wah] kang para tapa || |
137.088 | ki pangulu kêtib juru modin | samya sewaka nèng panangkilan | warnanên ing jro purane | pangeran dipatyèku | wus sayaga arsa umijil | angantosi Kapitan | Jaswa lagya rawuh | Pangeran Arya Mataram | manjing pura kang putra wus dèn aturi | miyos ing panangkilan || |
137.089 | dyan umiyos pangeran dipati | akêkanthèn asta lan Kapitan | Jaswa kang munggèng kerine | kang kanan pamanipun | sapraptane ing păncaniti | sigra Pangeran Arya | Mataram sru muwus | hèh sakèhe pra dipatya | para mantri padha pirsakêna mangkin | yèn anak adipatya || |
137.090 | anggêntyani rama madêg aji | sira kabèh padha ngèstokêna | myang para ngulama kabèh | ngèstrènana kaprabun | saur sêmbah kang para mantri | miwah para ngulama | kêtib lan pangulu | tuwin pradikan sadaya | angèstrèni jênêngirèng narapati | tuwin gurnadur jendral || |
137.091 | sigra Kapitan Jaswa ngaturi | lan pangeran lênggah adhêdhampar | kang rama palênggahane | arja lêlamak babut | apan sampun dan pinarêki | sagunging pra dipatya | nêmbah nguswa suku | pangulu donga nurbuwat | dyan winaca anênggih kang sêrat jangji | saking gurnadur jendral || |
137.092 | Jumadilawal madêgiraji | Kya Gunturgêni mungêl têngara | bêdhil ngloji muni kabèh | sang nata sigra kondur | myang Kapitan Jaswa umiring | sapraptanirèng pura | sira [19: 41] sang aprabu | kang paman kalih ngandika | myang kang raka tuwin ingkang rayi-rayi | sadaya ingandikan || |
137.093 | sapraptane wau jroning puri | kang santana prasamya dhadharan | lawan Kapitan Jaswane | miwah kang pra tumênggung | pan sadaya ngandikan puri | pan lajêng bêbadhayan | munggèng mandhapagung | tan winarna solahira | Panêmbahan Hèrucakra kang winarni | sampun miyarsa warta || |
137.094 | lamun ingkang rama sri bupati | mangkya mantuk marang rahmatullah | sakalangkung pangungune | arsa mêmule sampun | angundhangi bala anggêrit | kidang lawan mênjangan | amêmule sampun | mangkana kang winursita | sri narendra ing dina Soma tinangkil | prabu ing Kartasura || |
881–882 dari 1.487