Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
137 dari 234
874–875 dari 1.487
8.738–8.747 dari 14.865
137.018 | glis tinampèn surating narpati | miwah bêbêktan catur nawala | sampun pinatêdhakake | ingkang kêkalih nêngguh | Radèn Suryawinata tampi | lawan Sasrawinata | pinaringan wau | nagari ing Surabaya | kang satunggil maring Răngga Pramanèki | ginanjar ing Lamongan || |
137.019 | dene ingkang satunggile malih | marang panakawan alit mila | duk kala Kapugêrane | Ki Săngka aranipun | duk Wirasantika nguni |[1] ginanjar nagri Jipang | ngaranan Tumênggung | Surawijaya Ki Săngka | binêktakakên kinèn adamêl patih | timbalane sang nata || |
137.020 | mangke Surawijaya ngêmasi | tilar sunu apan maksih bocah | dèrèng kuwawi ing gawe | dadya Ki Săngka wau | kang ginanjar Jipang nagari | saha sinungan aran | Tumênggung Mataun | Ki Tumênggung Cakrajaya | undhang sagung punggawa kinon ngèstrèni | miwah Amral Baritman [19: 26] || |
113. Pangeran Dipanagara kajunjung dados raja dening Arya Jayapuspita, ajêjuluk Panêmbahan Hèrucakra, angadhaton wontên ing Madiun | |
137.021 | ya ta ingkang kawuwusa malih | sira Dipati Jayapuspita | kang anèng Japan barise | lawan sakadangipun | Murah Panji sampun anunggil | Balèlèng saha wadya | nging pakuwonipun | têbih lan sang adipatya | duk samana pan lagya agunêm kawis | masalahing ayuda || |
137.022 | cinarita sira Murah Panji | anênuwun mring Jayapuspita | aprakara ing arine | Panji Kartayudèku | dèn lihakên arane panji | kalamun tan dèn liha | kawulamit mantuk | wadya wau tinurutan | ingkang rayi sampun angalih wêwangi | ran Dêmang Kartayuda || |
137.023 | anging arine Surèngranèki | sang dipati tan purun ngalihna | dene patêdhan sang raje | Panji Surèngranèku | duk sang nata anèng Samawis | mangkana Kartayuda | ing raka tinuduh | anggêcak măncanagara | Pranaraga Madiun lan Saosragi | Kaduwang Kamagêtan || |
137.024 | nagri Daha wus anungkul lami | ing Sarêngat lan ing Kartasana | ing Pace Ngrawa Kalangbrèt | Dêmang Kartayuda wus | budhal saking Japan nagari | dhomas prajuritira | tan kawarnèng ênu | wus angancik ing Caruban | dipatine Madiun ing Pranaragi | Kaduwang lagya prapta || |
137.025 | saking nagari ing Surawèsthi | wus siyaga sêdya magut [19: 27: ma...gut] ing prang | mring Dêmang Kartayudane | ing Pranaraga ngumpul | Kamagêtan Kaduwang sami | tuwin ing Jagaraga | pêpak nèng Madiun | sampun agêng barisira | sira Dêmang Kartayuda budhal saking | Caruban saha bala || |
137.026 | tan winarna ing marga wus prapti | ing Madiun baris wetan kitha | wong măncanagara kabèh | sigra dènira magut | sampun campuh rame kang jurit | prajurit Surabaya | sarêng dènnya ngamuk | sira Dêmang Kartayuda | anindhihi ing bala mangamuk ngukih | sumyur măncanagara || |
137.027 | datan wontên tahan ananggêni | pangamuke wadya Surabaya | wus ngancikan nagarane | tan alami anungkul | sakathahe para dipati | mring Dêmang Kartayuda | prasamya sumuyud | wadya ing măncanagara | wus kinêrig sadaya anunggil baris | lan Dêmang Kartayuda || |
874–875 dari 1.487
1 | Kurang satu suku kata: duk Wirasantika ing nguni. (kembali) |