Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
137 dari 234
876–877 dari 1.487
8.753–8.762 dari 14.865
137.033 | timbalanira sri narapati | ingkang putra kinèn atugura | nagari ing Kaduwange | ananggulanga mungsuh | wong kaparak ingkang dèn irid | Pangran Dipanagara | pan sarêng tinuduh | atugura Jagaraga | angundurna mungsuh kang anèng ing Kiping | sarêng dènira budhal || |
137.034 | pan anuju ing taun Jimakir | sinêngkalan kuda adirasa | putra kalih pangluruge |[1] datan kawarnèng ênu | putra kalih praptèng Sêmanggi | nulya pisah ing lampah | kang rayi angidul | Pangeran Dipanagara | lajêng ngalèr ing Garompol sampun [19: 29: sampu...n] prapti | kèndêl amasanggrahan || |
137.035 | pangeran Balitar kang winarni | lampahira praptèng Kêpuhbuta | amakuwon sawadyane | pangarsanira rawuh | Ngadiraja gènira baris | nênggih Ki Garwakăndha | kang dadya panganjur | samana wadya kaparak | kanan keri Garwakăndha kang nindhihi | nahan kang winursita || |
137.036 | Tambakbaya Mantri Surawèsthi | lawan Wirantanu wus miyarsa | yèn wadyèng Kartasurane | prapta kang ngirid laku | putrèng nata ingkang sumêndhi | pangeran ing Balitar | kang wadyakuswagung | dyan prajurit Surabaya | lèngsèr saking Kaduwang mring Pranaragi | panganjur Kartasura || |
137.037 | budhal saking Adiraja[2] aglis | lampahira wus praptèng Kaduwang | Pangeran Balitar mangke | budhal sawadya umung | Ngadiraja pangeran prapti | lajêng ing lampahira | Kaduwang wus rawuh | nahan ingkang kawuwusa | Pangran Dipanagara yun-yunan jurit | lan wadyèng Surabaya || |
137.038 | pan kasaru wontên duta prapti | saking rama kangjêng sri narendra | nawala tinupiksage | dinuk ing lamatipun | poma aywa sira ungkabi | hèh nyawa sutaningwang | iku layang ingsun | besuk sira tupiksaa | angetana yèn sira wus panggih kaki | lan Si Jayapuspita || |
137.039 | wus tiningkêm malih kang kintaki | Pangran Dipanagara tyas suka | angunandikèng kalbune | rosing tyas wus kapangguh | pan ing nguni wus dèn lèjêmi | dadya amupus ing tyas | madêg suranipun | Pangeran Dipanagara [19: 30: Dipa...nagara] | animbali mring ipe wus praptèng ngarsi | Ki Arya Wiradirja || |
137.040 | Wiradirja uwus dèn bisiki | mêsat saking ngarsane pangeran | datan kawarna solahe | ing Kiping sampun rawuh | panggih lawan Kartayudèki | caraka wus tinulak | langkung sukanipun | sira Dêmang Kartayuda | angundhangi marang sagunging prajurit | amêthuk lampahira || |
137.041 | mring Pandonan arsa amondhongi | sira Pangeran Dipanagara | wus samêkta prajurite | warnanên lampahipun | Arya Wiradirja wus prapti | wus cundhuk lan Pangeran | Dipanagarèku | katur ing sasolahira | jêng pangeran samana wus angundhangi | mring sagung wadyanira || |
137.042 | duk samana ingkang dèn tindhihi | bala Kartasura Gowong Kalang | miwah wong desa sakèhe | pangeran ngandikarum | mring sakèhe kang para mantri | hèh kabèh dasih ingwang | kang trêsna maringsun | ing besuk sira nusula | aywa umung ing mangkya nunggala maksih | lan baris Kartasura || |
876–877 dari 1.487
1 | Tanggal: Jimakir: kuda adirasa putra (AJ 1647). Tahun AJ 1647 jatuh pada tahun Dal dan bukan tahun Jimakir. Sesuai dengan urutan sangkala dan konteksnya, mungkin tahun yang dimaksud adalah Jimakir AJ 1642 yang jatuh antara tanggal Masehi: 5 Desember 1717 sampai dengan 24 November 1718. Tanggal tersebut mengacu pada Pangeran Dipanagara yang pada tahun 1718 bergabung dengan pemberontak melawan ayahnya Pakubuwana I (bertakhta 1704–19) di Jawa Timur (Ricklefs 1981 p. 84). (kembali) |
2 | Ngadiraja. (kembali) |