Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
137 dari 234
875–876 dari 1.487
8.750–8.759 dari 14.865
137.030 pambalike wong măncanagari [19: 28: mănca...nagari] | gègèr têpis iring Kartasura | wong Surabaya praptane | abaris Kalimungkung | samya nungkul wong Sokawati | solahe anggêgila | wadya Surèngkewuh | miwah kang anèng Kaduwang | urut Laroh gègèr samya dèn bahaki | myang urut Sokawatya ||
137.031 dadya kapit onênge tyas aji | dene putra Pangeran Purbaya | dadya bicara ing mangke | mring Kumpêni gung-agung | panuwune ing sri bupati | kang putra dèn longana | gêgadhuhanipun | mariyême dèn pundhuta | lawang bêbutulan kang maring jro puri | punika binuntua ||
137.032 wêwêngkone kalanggowang pinggir | tuwaburu nulup lawan dharat | Banyumas Mataram kabèh | Pamardèn Dayaluhur | pan sadaya wus dèn pundhuti | mila grah ing wardaya | dening putranipun | kang dadya woding kang driya | duk samana Pangeran Balitar nênggih | tinuduh dening rama ||
137.033 timbalanira sri narapati | ingkang putra kinèn atugura | nagari ing Kaduwange | ananggulanga mungsuh | wong kaparak ingkang dèn irid | Pangran Dipanagara | pan sarêng tinuduh | atugura Jagaraga | angundurna mungsuh kang anèng ing Kiping | sarêng dènira budhal ||
137.034 pan anuju ing taun Jimakir | sinêngkalan kuda adirasa | putra kalih pangluruge |[1] datan kawarnèng ênu | putra kalih praptèng Sêmanggi | nulya pisah ing lampah | kang rayi angidul | Pangeran Dipanagara | lajêng ngalèr ing Garompol sampun [19: 29: sampu...n] prapti | kèndêl amasanggrahan ||
137.035 pangeran Balitar kang winarni | lampahira praptèng Kêpuhbuta | amakuwon sawadyane | pangarsanira rawuh | Ngadiraja gènira baris | nênggih Ki Garwakăndha | kang dadya panganjur | samana wadya kaparak | kanan keri Garwakăndha kang nindhihi | nahan kang winursita ||
137.036 Tambakbaya Mantri Surawèsthi | lawan Wirantanu wus miyarsa | yèn wadyèng Kartasurane | prapta kang ngirid laku | putrèng nata ingkang sumêndhi | pangeran ing Balitar | kang wadyakuswagung | dyan prajurit Surabaya | lèngsèr saking Kaduwang mring Pranaragi | panganjur Kartasura ||
137.037 budhal saking Adiraja[2] aglis | lampahira wus praptèng Kaduwang | Pangeran Balitar mangke | budhal sawadya umung | Ngadiraja pangeran prapti | lajêng ing lampahira | Kaduwang wus rawuh | nahan ingkang kawuwusa | Pangran Dipanagara yun-yunan jurit | lan wadyèng Surabaya ||
137.038 pan kasaru wontên duta prapti | saking rama kangjêng sri narendra | nawala tinupiksage | dinuk ing lamatipun | poma aywa sira ungkabi | hèh nyawa sutaningwang | iku layang ingsun | besuk sira tupiksaa | angetana yèn sira wus panggih kaki | lan Si Jayapuspita ||
137.039 wus tiningkêm malih kang kintaki | Pangran Dipanagara tyas suka | angunandikèng kalbune | rosing tyas wus kapangguh | pan ing nguni wus dèn lèjêmi | dadya amupus ing tyas | madêg suranipun | Pangeran Dipanagara [19: 30: Dipa...nagara] | animbali mring ipe wus praptèng ngarsi | Ki Arya Wiradirja ||
875–876 dari 1.487

 


Tanggal: Jimakir: kuda adirasa putra (AJ 1647). Tahun AJ 1647 jatuh pada tahun Dal dan bukan tahun Jimakir. Sesuai dengan urutan sangkala dan konteksnya, mungkin tahun yang dimaksud adalah Jimakir AJ 1642 yang jatuh antara tanggal Masehi: 5 Desember 1717 sampai dengan 24 November 1718. Tanggal tersebut mengacu pada Pangeran Dipanagara yang pada tahun 1718 bergabung dengan pemberontak melawan ayahnya Pakubuwana I (bertakhta 1704–19) di Jawa Timur (Ricklefs 1981 p. 84). (kembali)
Ngadiraja. (kembali)