Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
145 dari 234
959–960 dari 1.487
9.589–9.598 dari 14.865
| 145.007 | Mangkunagara ingkang wêwangi | ya ta wau ingkang kawarnaa | kang lumampah nglautane | samana sampun rawuh | Panêmbahan Purubayèki | nagri ing Batawiyah | lan sawadyanipun | Panêmbahan Hèrucakra | wus binucal dhatêng pulo Êkap nênggih | punika putra tuwa || |
| 145.008 | dipun arani amêmarahi | dene Adipati Natapura | tanapi Surapatine | myang Suradilagèku | miwah Jaka Tangkêban nênggih | sampun sami binucal | mring Selong sadarum | Panêmbahan Purubaya | anèng bètèng alang-alang dènnya mrêgil | lan putra grahanira || |
| 145.009 | Pangeran Jimat ingkang winarni | praptèng Kartasura kinunjara | pun upas lan santanane | ran Sewanagarèku | kinunjara ing gêdhong nênggih | lan Si Pangeran Jimat | pêjah ngêndhat wau | anèng jro kunjara upas | Radèn Sewanagara wus dèn luwari | sinungkên Pangran Sampang || |
| 126. Radèn Bêrahim turunipun Surapati, mrinani sadhèrèkipun ingkang kenging pambujukipun Kumpêni | |
| 145.010 | binêkta mantuk mring Madurèki | kunêng sadhèrèke Surapatya | Radèn Bêrahim wastane | kang kari anèng Dhumpul | miyarsa yèn kakangirèki | binujuk ing Walănda | langkung dukanipun | mudhun saking Dhumpul sigra | padhusunan Pasêdhahan dèn [21: 8: dè...n] bahaki | wong alit binoyongan || |
| 145.011 | sampun agêng wau punang baris | kathah nungkul bala Pasuruan | katur ing sang nata mangke | wong măncanagarèku | gya tinuduh kinèn nglurugi | sampun prapta ing Malang | rame dènnya pupuh | Dyan Brahim karoban lawan | wus lumajar angungsi dhatêng wanadri | Dhumpul wus ingobongan || |
| 145.012 | nulya mundur wong măncanagari | ngaturakên tiwas sri narendra | Brahim tan kacakup mangke | nuju ing sasi Mulud | saungkure kang sami ngungsir | Radèn Bêrahim têdhak | lan sawadyanipun | anglarag marang ing Daha | kang adarbe Kadhiri nora ngawaki | Ki Dêmang Ranuhita || |
| 145.013 | ênêngakêna nagri Kadhiri | kawarnaa kangjêng sri narendra | sampun lumampah dutane | pamundhut ingkang sunu | kang kabêkta dhatêng Batawi | mring rama panêmbahan | Randyan[1] Êmas Lindhu | pamundhute sri narendra | mring Samarang mring Amral lan kumisaris | de putra kang tinilar || |
| 145.014 | putranya panêmbahan pawèstri | kang tinilar konjuk ing narendra | punika kawangsulake | sang nata datanpayun | kêdah mundhut putra pribadi | kang kabêkta ing paman | Radèn Êmas Lindhu | samana wus ingutusan | dhatêng Amral pinundhut dhatêng Batawi | wus prapta ing Samarang || |
| 145.015 | wus kabêktakakên duta aji | Radèn Êmas praptèng Kartasura | wus katur ngrama natane | langkung tustha sang prabu | aningali dhatêng ing siwi | kalangkung onêngira | wau kang winuwus | putranira [21: 9: putra...nira] panêmbahan | ingkang èstri kantun sinusulên[2] aglis | mring nagri Batawiyah || |
| 145.016 | praptanira nagri ing Batawi | radèn ayu wus katur samana | wau dhatêng ing ramane | êmbahan Purbayèku | langkung tustha sajroning galih | sapraptane kang putra | mangkana winuwus | Mas Brahim wau punika | duk praptane Kadhiri tan dèn lawani | mring Dêmang Ranuhita || |
959–960 dari 1.487
| 1 | Radyan. (kembali) |
| 2 | sinusulkên. (kembali) |