Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
15–16 dari 234
85–86 dari 1.487
849–858 dari 14.865
| 015.032 | Brawijaya kampita ring ati | amiyarsa yèn ki sêkar munya | kapêdhak ingatag kabèh | amariksaa gupuh | pinariksa yèn rarè alit | ingkang anabuh găngsa | cinêkêlan sampun | tinakon yèn anakira | Kyai Buyut Masahar pan juru sabin | katur dhatêng sang nata || |
| 015.033 | Brawijaya sigra dènya angling | hèh Ki Buyut sira ing Masahar | iku sutanira dhewe | kyai buyut umatur | inggih yêktos pan suta mami | mèsêm Sang Brawijaya | anduga ing kalbu | yèn nguni kanggwanan putra | ing sang nata nanging kaatur wus lalis | mangkya darbe atmaja || |
| 015.034 | tansah winawang wangwang kang warni | de sang nata sira Radèn Bondhan | amalêsi ing sêmune | trahing kusuma ratu | Brawijaya angandika ris | sun pundhut anakira | sumăngga ki buyut | alah sira parakêna | ring samitra Ki Gêdhe ing Tarub mangkin | buyut matur sandika || |
| 015.035 | gya pinatêdhan dhuwung kêkalih | waos satunggil de Brawijaya | waos ngaran Ki Palèrèd | dene namaning dhuwung | Ki Maesanular satunggil | kang satunggil Malela | dhuwung kalih wau | apan sampun katampenan | mring Dyan Jaka katiga waos satunggil | Dyan Bondhan suka ring tyas || |
| 015.036 | ri wus pinaring dhuwung kêkalih | waos satunggal Rahadyan Jaka | de sang nata jêngkar age | angadhaton sang prabu | kae Buyut Masahar mulih | kalawan Radèn [2: 74: Ra...dèn] Bondhan | anjujug ing Tarub | ya ta ana wong bêbegal | wong kêkalih sami angadhang ing margi | amatyani sopana || |
| 015.037 | Radèn Bondhan angandika aris | iya bapa ana wong bêbegal | ki buyut umpêtan age | ana soring palumpung | Radèn Bondhan dipun kalihi | sinudukan tan pasah | kang begal lingnya sru | lah mara kita malêsa | mara ringwang rahadèn gya narik kêris | ri kang wak-awak waja || |
| 015.038 | sigra malês radèn anglarihi | ri wong begal asilih prajaya | atêmpuh caruk dhuwunge | radyan dhuwunge putung | agya radyan anarik malih | dhuwung Ki Mesanular | nèng asta kumutug | rahadyan nêmpuh marjaya | kang bêbegal kêkalih wus dèn larihi | wus pêjah kalih pisan || |
| 015.039 | Radèn Bondhan nibakkên prajangji | iya benjang anak putuningwang | aywana ingkang angangge | iya ta ingkang dhuwung | awak-awak waja puniki | lêstari lampahira | ing Tarub jinujug | dyan ing mangke kawarnaa | Kyai Agêng ing Tarub ingkang ginupit | kang kasmaran ing garwa || |
| 16. Asmaradana | |
| 016.001 | atmajanira pawèstri | awayah pangrusak taman | Rara Nawangsih namane | warnanya yu tanpa sama | langkung dinama-dama | mangkana Ki Agêng Tarub | aris dènya angandika || |
| 016.002 | kita têtêbaha nini | lawan aglara kalasa | alah ta nini dèn age | ri mangkya ana dhatêngan | apan tusing kusuma | kalawan wijiling ratu | lawan [2: 75: lawa...n] êmbane satunggal || |
85–86 dari 1.487